cerita rakyat yaiku cerita kang nate di alami mbiyen/ cerita kedadeyan ing tengahing masyarakat setempat.
bisa diarani legendha / cerita kang ngandharake salah sawijining panggonan.
Tuladha: Cerita Jaka Tingkir, Dumadine Kutha Magelang, Rawa Pening, Lsp.
II. Unsur intrinsik Cerita Rakyat
1.Tema,inggih
menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
2.Paraga,inggih
menika purusa ingkang nglakokake cariyos.
Paraga lan Watake (Tokoh dan penokohan)
a. Paraga ing drama diperangake dadi : Tokoh utama : Paraga kang dadi sumber critaTokoh
pembantu : Paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat
penceritaan.Tokoh figuran : Paraga kang dianakake supaya kahanane dadi
kaya nyata, nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan. b. Miturut wtake, ing drama ana : Tokoh Antagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang
ala, saengga ora disenengi penonton.Tokoh Protagonis : yaiku paraga kang
nduweni watak kang apik lan disenengi penonton.
Tokoh Tritagonis : Yaiku
paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis utawa antagonis, bisa duweni
watak kang apik utawa ala (penengah).
3.Penokohan,inggih
menika gambaran watak paraga.
4.Alur/plot,inggih
menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
Alur jinise ana 3 yaiku : 1. alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis
kapungkur maju ing kedadean saiki. 2. alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki
mundur ing kedadean kang wis kapungkur 3. alur campuran antarane alur maju lan alur sorot balik
5.Latar/setting,inggih
menika panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun prastawa ing salebeting
cariyos.
6.Amanat/pesan,inggih
menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng
pamaos.
7.Sudut
pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
Pangripta saged dados:
-Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )
-Purusa katiga (orang ketiga )
-Sarwi mangertos (serba tahu )
TUGAS DINA SELASA, 08-09-2020 (Pertemuan 1)
1. Wacanen materi Bab 3 Cerita rakyat.
2. Gaweya ressume (ringkasan saka materi kasebut ing buku cathethan Basa Jawa).
1. Wacanen kang Premati crita rakyat Ing Ngisor iki!
2. Wangsulana soal-soal kang ana ing ngisor legenda Kutha Kudus ing buku tugas basa Jawa!
LEGENDA KUTHA KUDUS
Kala rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking Cina.
Sunggingan saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus. Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun. Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados nami Kudus ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.
Wangsulana soal-soal ing ngisor iki!
1. arupi tegese ....
2. kawentar tegese ....
3. ngedab-edapi tegese ....
4. carios tegese ....
5. ancas tegese ....
6. Apa irah-irahan legenda ing dhuwur!
7. Sapa wae paraga kang ana ing Legendha Kutha Kudus!
8. Apa tegese sunggingan kuwi!
9. Syekh jafar Sodiq misuwur kanthi sebutan apa?
10. Sebutna salah sijine ciri khas kitha Kudus!
MATERI DINA SELASA, 13-10-2020 KANGGO KELAS 7A-7E
1. Wacanen kanthi Premati crita rakyat Ing Ngisor iki!
2. Wangsulana soal-soal kang ana ing ngisor Cerita Keong Mas ing buku tugas basa Jawa!
Kira-kira wis setaun Desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga sing dawa, mergo kuwi panganan dadi larang lan akeh gawe lelara uripe warga ketula-tula. Ora beda mbok Randha Dhadapan, pawongan wadon sing lola tanpo dulur, anggo nyambung uripe sabendino dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan.
Kahanan kaya mengono dheweke ora ngeresula. Malah aku nyaketake marang Gusti sing Moho Kuoso. “Duh Gusti peringana pepajar ing desa kaula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika”.
Esuk-esuk mbok Randha lungo menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-milang weruh cahaya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. Ing bathine tuwuh pitakon “cumlorot apa kuwi, kok kaya emas?” Banjur nyedeki sumber cumlorot kuwi mau.
Bareng wis dicedheki jebul sawiji ning Keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa bali, nalikane teka omah dicemplungake ing jero genthong. Kaya biasane, mbok Randha menyang alas ananging nganti meh surup urung entuk krowodan, dheweke banjur mulih ngelanthung orang entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing ngarep emperan, dheweke mwnyang pawon menawi ana krowodan kang bisa ganjel weteng sing luwe.
Dheweke kami tenggenggen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak karo itakon, sopo sing ngeteri panganan kabeh kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih soko tegal pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone kuwi. Mbok Randha kaget ora kinara, saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong lan berubah dadi puteri ingkang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatie putri ayu kui mau “Nduk wong ayu kaya sliramu iki sapa kok nganthi kedarang-darang ing alas lan jilmo dadi Keong Mas? ”
“Aaranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala” “Lho kok nganthi dadi Keong Mas lan tumeko alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye?” Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin sakti kang karep ngepek garwa. Ananging dhewke emoh nuruti karepe Jin, Jin muntab, Dewa Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nang kali, adoh saka kreton Jenggala.
Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan. Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang.
Dayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa deweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana. Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran.
Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing Ndeso Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing Ndeso Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.
Wangsulana soal-soal ing ngisor iki!
1. Apa irah-irahan cerita rakyat ing dhuwur!
2. Sapa wae paraga (tokohe)!
3. Ana ing Desa ngendi kang ngalami mangsa ketiga dawa!
4. Sapa sejatine Keong Mas kuwi!
5. Sapa garwane Keong Mas!
6. Garwane Keong Mas raja ing Keraton ndi?
7. Apa kang ditampa Mbok Randha saka Punggawa Keraton!
8. Apa tujuane utusane Raden Inu kertapati nemoni Mbok randha!
9. Kedadean apa kang dumadi sakwise Raden Inu Kertapati ketemmu garwane!
10. Sebutna 3 bae amanat kang bisa kajupuk ing cerita rakyat kasebut!
Gladhen soal !tembung ing ngisor iki golekana tegese:
Pawarta yaiku katrangan
kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining cathetan kadadeyan utawa
prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan
ing media elektronik. Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud
kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi),
perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.
Wujud pawarta : lesan lan tulisan
-Lesan
:bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas.
-Tulisan
: lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.
II. Unsur
Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada
karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan. Apa= Kedadean apa sing bakal dicawisake. Sapa= Sapa sing ngalami kedadean kasebut. Kapan= Kapan kedadean kasebut dumadi. Kepriye= Kepriye kedadean kui bisa dumadi . Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi. Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing
nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika
siring kasebut 5W + 1H.
Warta ingkang menarik kedah nduweni
pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik
kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.
TUGAS DARING DINTEN SENEN, 29-09-2021 KANGGO KELAS 8A-8E
1. Wacanen materi bab Pawarta ing ndhuwur!
2. Cathet bab-bab kang wigati saka materi ing dhuwur!