Urutan Tata Cara Mantu
Adat Jawa
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat
Jawa sing duwe rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis
pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pertemuan antara penganten putri
lan penganten kakung ing suasana sing khusus lan
dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten
putri, lan sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku
wong tua utawa kaluarga penganten putri nanging tetep dibantu
kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara pengantenan adat Jawa
iku beda-beda miturut dhaerah uga diselenggaraake miturut kemampuan
ekonomi sosial kaluargane.
1. Nontoni
Menawa nyalari mau ditampa becik ateges
calon penganten putri isih sela lan wong tuwane sarujuk, wong tuwane
bocah lanang banjur medhayoh menyang omahe calon penganten putri , saperlu
weruh kaya apa bocah kuwi. Yen bocahe lanang bisa diajak bisa uga ora diajak.
Nalika sing tuwa padha jagongan,calon penganten putri didhawuhi
ngladekake suguhan, ing kono tamu maspadakake (nontoni) bocah iku kanggo
tetimbangan jodho apa ora. Yen perlu diajak omong-omong.
2. Nakokake/Nembung/Nglamar
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima
kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara
iki dadi tanda yen wong tua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine
didadekake pasangan urip calon penganten kakung.Ing acara lamaran
iki biasane sekalian kanggo nentokake dina utawa tanggal penyelenggaraan
rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
3. Pasang
Tarub
Ing omahe calon penganten putri,
kira-kira 3 dina ngarepake tempuking gawe, dipasangi tratag lan tarub. Wujude
tarub yen biyen kudu nganggo bleketepe yaiku suwir-suwiran janur kuning, ing
kiwa tengening korining tarub dipasangi tundhunan gedhang raja, tebu wulung,
gegodhongan manca warna, lan ora lali cengkir gadhing lan godhonng waringin.
Kabeh mau bisa diwaca dadi ukara bilih blakane nyuwun sumawuring nur Illahi
kanthi pangajab penganten bisa kaya dene raja lan prameswarining nata kang
nduweni antebing kalbu lan kencenging piker, anane rubeda manca warna tetep ora
kurang sawiji apa, dene sing padha jagong sing keri (durung mantu utawa during
dadi manten) padha kepengin.
4. Siraman
Acara siraman iku sejatine upacara
perlambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake
sedina sedurung ijab kabul lan dilakokake ing umah masing-masing
calon manten, umume ing bagian umah sing radha terbuka
kaya ing mburi umah utawa taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama
biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
5. Midodareni
Tembung midodaren iku asale saka basa
Jawa yaiku widodari utawa bidadari. Acara iki ngandung makna yen mbengi
sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga
kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk ing acara utama, penganten
putrine bakal ayu kaya widodari.
Ing acara
iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi
lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh
nasihat. Amargi penganten kakung lan kaluargane uga teka ing
daleme penganten putri nanging calon penganten kakung urung
diijinake ketemu langsung karo calon pasangane merga calon penganten putri
urung diijinake metu saka kamar wiwit jam 6 sore. Rangkeyan
acara ing wengi midodaren iki beda-beda saben dhaerah,
kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan. Acara
midodaren iki diselenggarakake mbengi bubar acara siraman. Sing teka
ing acara iki seliyane kaluarga penganten putri uga tangga-tangga cedhak
lan kanca-kanca penganten putri.
6. Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok
tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo
ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik,
jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing
papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas
acara pesta penganten.
7. Ijab Kobul
Ijab Kabul yaiku nang ngendi penganten
lanang kuwi ngucapke janji ing ngarepe wong akeh kanggo saksi yen wong loro
kuwi nikahe sah.
8. Panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad
nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang
digowo metu seko omah lan di delehake ing prapatan cedhak omah sing tujuanne
kanggo ngusir roh jahat. Sakwise iku penganten putri ketemu (panggih) karo
penganten kakung sak perlu nerusake upacara: Balang Suruh, Wiji Dadi, Pupuk,
Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar Klimah, Mertui lan Sungkeman.
9. Balangan Suruh
Upacara balangan suruh
diselenggaraake dening pengantin putra lan putri kanthi gantian. Gantal kang
digawa kanggo uncalan marang pengantin putra saking pengantin putri disebut
gondhang kasih, Makna saka balangan suruh yaiku arupa pangarep-arep semoga kabeh
alangan bakal ilang lan ngadohi akibat saka gantal kang diuntalna. Gantal
digawe saka godhong suruh sing ditekuk mbentuk bunderan kang banjur
disambungake karo benang putih utawa tenunab. Godhong suruh iku simbol menawa
pengantin putri lan pengantin putra wis samesthine bebarengan.
10. Ngidak
Endhog
Upacara ngidak endhog diwiwiti dening juru
paes, yaiku wong kang pagaweane kanggo ndandani penganten lan
ngagem klambi penganten, karo njupuk endhog saka bokor, banjur
diusapanaken marang bathuke penganten putra sing banjur penganten
putra njaluk kanggo ngidak ing endhog. Ngidak endhog duweni
makna seksual, yaiku penganten putra lan penganten wis pecah pamoripun.
11. Wiji
Dadi
Upacara iki dilakoni sawise
acara ngidak endhok. Sawise acara ngidak endhog,
penganten putri langsung wisuhi sikil penganten putra nggunakake banyu sing wis diwenehi kembang setaman. Ngumbah
sikil iki artine pangarep-arep yen "wiji" sing
bakal dimudhunaken adoh saka bebaya lan ndadekake turunane sing apik.
12. Timbangan
Upacara timbangan dilakokaken sadurunge
penganten putra lan penganten putri njagong ing kursi penganten. Upacara iki
dilakokake kanthi dalan minangka: ramane penganten putri lungguh ing antarane
penganten putri lan penganten putra. Penganten putra lungguh ing nduwur sikil
tengene rama penganten putri, nalika penganten putri lungguh ing sikil kiwa.
Tangan lorone rama dirangkulaken ing pundak penganten putri lan penganten
putra. Bapak banjur ngandika yen loro-lorone imbang, lan bobote padha. Makna
upacara timbangan yaiku arupa pangarep-arep menawa antarane penganten putri lan
penganten putra bisa tansah imbang.
13. Kacar-kucur
Carane penganten putra wutahaken raja sugih saka tas gombal, nalika penganten putrine njupuk
kanthi gombal sindur kang diselehake ing pangkuane. Tas
dhuwit ngemot recehan, beras kuning, kacang kawak, dhele kawak, kara, lan kembang telon (mawar, melati, kenanga utawa kanthil). Makna
saka kacar kucur yaiku menehi tandha menawa penganten putra bakal tanggung
jawab nggolet rejeki kanggo kulawargane. Raja sugih sing diwutahake kasebut
ora oleh ana sing tibo, maknanipun supaya penganten
putri nduweni kelakuan gemi, nastiti, surtini, lan ati-ati saking
ngatur rejeki sing wis diwenehi dening bojone.
14. Dulangan
Penganten sak lorone dhahar
dulang-dulangan minangka pralambang penganten sak lorone arep urip susah
lan seneng kanthi bebarengan.
15. Sungkeman
Sungkeman yaiku upacara sing
ditindakake kanthi cara penganten putri lan penganten putra lungguh nyekeli lan ngambung dengkule
wong tuwane. Makna upacara sungkeman yaiku simbol saka wujude rasa
hormat anak marang wong tuwane.
16. Kirab
Upacara kirab arupa
arak-arakan kang ana domas, cucuk lampah, lan kaluwarga cedhak untu njemput
utawa ngiringi penganten kang arep metu saka panggonan
panggih utawa arep mlebu panggonan Panggih. Kirab yaiku
simbol panurmatan saking penganten putri lan penganten putra sing dianggep
raja ing dina kang wis samesthine mengko bisa kanggo mimpin kulawargane
kanthi apik.
17. Jenang
Sumsuman
Upacara jenang sumsuman dileksanakake sawise
kabeh upacarane wis rampung. Ing tembung liyane, jenang sumsuman punika
yaiku raos sukur amarga acarane mlaku kanthi aman lan
selamet, ora kurang saka siji wae, lan kabeh ingkang
sehat walafiat. Biasane jenang sumsuman dianakake ing wayah
wengi, yaiku wengi sawise acara penganten.
18. Boyongan/Ngunduh
Manten
Disebut boyongan amarga penganten putri
lan penganten putra dikawal dening kulawarga putri marang kulawarga putra
kanthi bebarengan. Ngunduh manten dianakake ing umahe penganten putra. Biasane
acara iki ora lengkap kaya ing acara kang dianakake ing panggonan penganten
putri.
TUGAS DARING KANGGO KELAS IXA-IXB
DINA KEMIS, 28-10-2021
1. Wacanen materi Daring bab Urutan Tatacara Adat mantu ing dhuwur!
2. Gaweya ringkesan babagan Urutan Tatacara Adat mantu ing dhuwur!