Minggu, 30 Agustus 2020

MATERI KELAS 9 BAB 3

MATERI DARING DINTEN KEMIS, 26-08-2021 KANGGO SISWA LAN SISWI KELAS 9A LAN 9B

WACANEN BANJUR GAWEYA RINGKESAN ING BUKU CATHETHANMU DHEWE2!


PIWULANG 3

SENENG SANDIWARA


KOMPETENSI DASAR


3.3    Menelaah naskah sandiwara.

4.3    Menulis dan   menyajikan naskah   sandiwara.


INDIKATOR

3.3.1    Mendengarkan wacana teks dialog sandiwara berbahasa

Jawa.

3.3.2    Mengajukan dan menjawabpertanyaan tentang isi dialog

sandiwara berbahasa Jawa

3.3.3    Membetulkan diksi/ ragam yang tidak sesuai dalam

dialog sandiwara berbahasa Jawa.

3.3.4    Menuliskan isi dialog sandiwara berbahasa Jawa


Pangertene Sandiwara
Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.

Unsur Intrinsik Sandiwara

Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku:

a.   Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara       dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.

b.   Purusa/Paraga (tokoh) lan watake

–      Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.

–      Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama.

–      Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.

c.   Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.

d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.

e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan majas.

Unsur Ekstrinsik Sandiwara

Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.

Wujude Sandiwara

–      Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa.

–      Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten musik  lan ekspresi saking rupane lakon.

–      Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng.

–      Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).

Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki:

  1. Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga
  2. Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe
  3. Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane.
  4. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.

Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara:

  1. Gladen olah watak
  2. Gladen swara
  3. Gladen observasi lan imajinasi
  4. Gladen konsentrasi
  5. Gladen teknik pementasan
  6. Gladen sistem akting
  7. Nglancarake keprigelan lan gladen
    Miturut alat utawa piranti kang digunakake, sandiwara kaperang dadi 6!
1.  Sandiwara panggung, diparagakake ing panggung pertunjukan lan penonton wonten ing sakiwa tengene panggung saengga penonton saged mirsani, mirengake, lan ngraba para paragane. Sacara langsung.
2.      Sandiwara radio, pagelaran ingkang namung saget dipun mirengaken ananging boten saget dipunpirsani.
3.      Sandiwara TV, drama TV sadet dimirengake lan dipersani nanging boten saged dipunraba. Pamentasanipun saget sacara langsung lan uga saged sacara rekaman.
4.      Sandiwara Film, drama kang migunakake layar lebar lan pertunjukane biasane digelar ing jero bioskop.
5.   Sandiwara wayang, ciri khas tontonan drama inggih punika wonten cerita lan dialog. Para paraga digambarake nganggo wayang. Lan biasane dimainake dening dhalang.
6.      Sandiwara boneka,


Miturut arane naskah kaperang dadi loro yaiku :
1.      Sandiwara tradisional, yaiku tontonan sandiwara kang tanpa migunakake naskah. Watak, tokoh, dialog, lan gerak-gerik kaserahake kabeh tumrap para paraga.ex. kethoprak (Jateng), Ludruk (Jatim), Lenong (Betawi)
2.      Sandiwara modern, yaiku sandiwara kang migunakake naskah, naskah kang isine dialog lan gerak-gerike para paraga. Tegese para paraga ngapalake dialog lan paraga/gerak-gerik kang ditampilake padha karo naskah kang diapalake.


Unsur pementasan drama
1.      naskah drama
2.      pemain
3.      sutradara
4.      tata rias
5.      tata busana
6.      tata panggung
7.      tata lampu
8.      tata suara
9.      penonton
















Minggu, 12 Juli 2020

PIWULANG 2 SERAT WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA


PIWULANG 2

SERAT WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA






Paugerane tembang macapat ana 3 yaiku:
1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larikan saben sapada ing tembang macapat.
2) Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (nyuwara vokal ).
3) Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku  kata saben sagatra ing tembang macapat.

Struktur Serat Wulangreh dumadi saking 13jinis tembang (pupuh) yaiku:

Serat Wulangreh iku anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV taun 1741 Masehi.  Tembung wulang tegese ajar, pitutur. Dene tembung reh ateges tingkah laku utawa pratingkah. Tegese serat wulangreh yaiku piwulang bab tingkah laku utawa pratingkahing manungsa dimen uripe ayem tentrem. Serat wulangreh dumadi saka 13 pupuh tembang. Pupuh iku kumpulaning pada tembang kang padha. 13 pupuh kasebut kayata:

  1. Dhandhanggula, dumadi saka 8 pada/bait
  2. Kinanthi dumadi saka 16 pada/bait
  3. Gambuh dumadi saka 17 pada/bait
  4. Pangkur dumadi saka 17 pada/bait
  5. Maskumambang dumadi saka 34 pada/bait
  6. Megatruh dumadi saka17 pada/bait
  7. Durma dumadi saka12 pada/bait
  8. Wirangrong dumadi saka 27 pada/bait
  9. Pocung dumadi saka 23 pada/bait
  10. Mijil dumadi saka 26 pada/bait
  11. Asmaradana dumadi saka 28 pada/bait
  12. Sinom dumadi 33 pada/bait
  13. Girisa dumadi saka 25 pada/bait


SERAT WULANGREH DHANDHANGGULA

Anggitan : Ingkang Sinuwun kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ing Surakarta Hadiningrat.

Paugerane tembang Dhandhanggula:

Tembang macapat ana 11 jinise yaiku maskumambang, pocung, gambuh, megatruh, mijil, kinanthi, durma, pangkur, asmaradana, sinom, dan dandanggula.

Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga duwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jinis iki.

Tembang Dhandhanggula nduweni watak luwes, ngresepake. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharake piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange tumrap para nom-noman sawise padha kasmaran ngalami kedadeyan kang endah-endah (kenangan manis). Dene, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis. (https://jv.wikipedia.org/wiki/Dhandhanggula)

Paugerane tembang dhandhanggula yaiku duweni 10 gatra utawa larik, guru wilangan lan guru lagu saben gatra

10 i
10 a
8 e
7 u
9 i
7 a
6 u
9 a
12 i
7 a

Ing ngisor iki tuladha tembang macapat dhandhanggula kang kajupuk saka serat wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwana IV

Pada 1

Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru pujangga,

dhahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung,

datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka,

basa kang kalantur,

tutur kang katula-tula,

tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.

Tegese tembung :

pamedhare = pamulange, ngandhakake, membicarakan.

medhar sabda = sesorah, pidato.

wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat.

cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri.

dhahat = banget, sangat.

mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh.

ginunggung = gunggung + in = dibombong, dibesarkan hatinya.

angrumpaka = nganggit, ngripta, mengarang.

kalantur = kaladuk, ngayawara, omong kosong.

katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana ajine.

 rinuruh = ruruh + in = 1. pasuryan kang semu dhungkluk 

ririh= lirih, alon, pelan.

sasmita = sandi, kode, isyarat.

 Terjemahannya :

Inilah curahan hati Berlagak meniru pujangga Tapi merasa harus disanjung Tak sadar banyak yang mencibir Memaksa diri merangkai kata, bahasa yang (justru) ngelantur Bahasa yang carut marut yang (jika) dicermati (hanyalah) untuk terangnya isyarat (kata hati) semata.


Pada 2

Sasmitaning ngaurip puniki,

mapan ewuh yen ora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruhing rasa,

rasa kang satuhu,

 rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

 ing kauripanira.

Tegese tembung:

ewuh = ribet, ora kepenak, repot.

tan jumeneng = ora ngenggoni,

 ora mangerteni, tidak mengetahui.

udani = weruh, tahu, faham.

darapon = supaya, supadi,

 supadya, supaya.

Terjemahannya :

Makna kehidupan itu sungguh sayang bila tak tahu tidak kokoh hidupnya, banyak orang mengaku, perasaannya sudah utama, padahal belum tahu rasa, rasa yang sesungguhnya, hakikat rasa itu adalah, usahakan supaya diri sempurna, dalam kehidupan.



Pada 3

Jroning Qur'an nggoning rasa yekti,

nanging ta pilih ingkang uninga,

kajaba lawan tuduhe,

nora kena den awur,

 ing satemah nora pinanggih,

mundhak katalanjukan,

temah sasar susur,

yen sira ayun waskitha,

sampurnane ing badanira puniki,

sira anggegurua.

Tegese tembung :

yekti = temen, sesungguhnya, sebenarnya. 

uninga = weruh, tahu. 

satemah = wusanane, akhirnya. 

katalanjukan = ora bener, ora pas, tidak benar

Terjemahannya :

Dalam Qur’an tempat rasa jati, tapi jarang orang tahu, keluar dari petunjuk, tak dapat asal-asalan, akhirnya tidak ketemu, malahan terjerumus, akhirnya kesasar, kalau kamu ingin peka, agar hidupmu sempurna, maka bergurulah.


Pada 4

amiliha manungsa kang nyata,

ingkang becik martabate,

sarta kang wruh ing kukum,

kang ngibadah lan kang wirangi,

sokur oleh wong tapa,

ingkang wus amungkul,

tan mikir pawewehing lyan,

iku pantes sira guronana kaki,

sartane kawruhana.

Tegese tembung:

 wirangi = wara' ,

wong kang ngedohi larang (maksiat), 

jauh dari perbuatan dosa.

amungkul = temen, putus, nora mangro tingal, istiqomah

Terjemahannya :

Namun apabila kamu berguru pilihlah manusia nyata yang baik martabatnya serta tahu hukum yang beribadah dan sederhana syukur dapat pertapa yang sudah menanggalkan pamrih pemberian orang itu pantas kamu berguru serta ketahuilah


Pada 5

Lamun ana wong micareng ngelmi,

tan mupakat ing patang prakara,

aja sira age-age,

anganggep nyatanipun,

saringana dipun baresih,

limbangen lan kang patang,

 prakara rumuhun,

dalil kadis lan ijemak,

lan kiyase papat iku salah siji,

anaa kang mupakat.

Tegese tembung:

micareng = micara + ing , mulang, ngandhakake, berbicara tentang.

mupakat = cocok, setuju, cocok.

nyatanipun = benere, benar.

baresih = resik, tliti, teliti.

limbangen = dipikir, ditandhingake, ditimbang.

rumuhun = dhisik, terdahulu.

dalil = hukum adhedhasar Al Qur'an

kadis = hukum adhedhasar pangandikane,

tindake Kanjeng Nabi ijemak = hukum adhedhasar pamanggihe para ulama.

kiyas = hukum adhedhasar lelakon kang nate kedadean.

Terjemahannya :

Kalau ada orang bicara ilmu tak setuju empat perkara jangan cepat-cepat percaya padanya saringlah yang teliti pertimbangkan empat hal perkara terdahulu dalil hadis dan ijma’ dan keempat qiyas semua telah disepakati


Pada 6

Ana uga kena denantepi,

yen ucul saka patang prakara,

nora enak legetane,

tan wurung tinggal wektu,

panganggepe wus angengkoki,

aja kudu sembahyang,

wus salat katengsun,

banjure mbuwang sarengat,

batal karam nora nganggo den rawati,

bubrah sakehing tata.

Tegese tembung:

legetane = dadine, wusanane, isine perkara(?)

angengkoki = bener, jumeneng, pada tempatnya.

katengsun = garisku kat = khat = garis.

sarengat = syari'at, aturan agama kang kudu dilakoni.

den rawati = diopeni, dipelihara.

Terjemahannya :

Ada juga yang mantab kalau tepat empat perkara sungguh tidak tepat hanya meninggalkan waktu menganggap sudah tepat hendak tidak shalat hanya bikin tanggung lalu membuang syariat batal haram tak peduli lalu bikin kacau

Pada 7.

Angel temen ing jaman samangkin,

ingkang pantes kena ginuronan,

akeh wong jaja ngelmune,

 lan arang ingkang manut,

yen wong ngelmu ingkang netepi,

ing panggawening sarak,

den arani luput,

nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki,

 papancene priyangga.

Tegese tembung: 

samangkin = saiki, sekarang.

ginuronan = diguroni, digurui.

 jaja = adol, menjajakan.

asesenengan = manut karepe dhewe-dhewe, menurut kehendaknya pribadi.

kakarepaneki = kakarepan + iki = karepe iki, 

kehendaknya papancene = jatah, takdir.

priyangga = dhewe, sendiri.

Terjemahannya :

Sungguh sulit jaman sekarang Mana yang pantas diteladani (Meski) banyak yang hebat ilmunya Tetapi jarang yang taat Jikalau orang berilmu yang menjelaskan. Jika orang berbuat baik Dikatakan salah Tetapi jika hanya bersenang-senang Tak bisa dimengerti apa maksudnya Betul-betul orang hebat

Pada 8.

Ingkang lumrah ing mangsa puniki,

 mapan guru ingkang golek sabat,

tuhu kuwalik karepe,

kang wus lumrah karuhun,

jaman kuna mapan si murid,

ingkang padha ngupaya,

kudu anggeguru,

ing mengko iki tan ora,

kyai guru naruthuk ngupaya murid,

dadia kanthinira.

Tegese tembung :

mangsa = waktu, jaman, waktu. 

sabat = sahabat, murid. 

naruthuk = thruthukan, pergi kesana ke mari. 

ngupaya = golek, mencari. 

kanthinira = bature, rewange, muride, muridnya.

Terjemahannya :

Umumnya dijaman sekarang Justru guru yang mencari teman Benar-benar terbalik keadaanya Jamaknya (begitulah) yang biasa terjadi Kalau jaman dulu, muridlah Yang mencari guru Tapi sekarang tidak Kyai Guru berkeliaran mencari murid Agar ikut dengannya



TUGAS DINA KEMIS, 05-08-2021

KANGGO SISWA LAN SISWI KELAS IX A LAN IX B

1. Waca lan Pahami materi ing dhuwur!

2. Tulisen bab-bab kang wigati saka materi Bab Tembang Dhandhanggula ing buku cathethetan Basa Jawa! Materi cukup digawe ringkesan aja ditulis kabeh.

3. Foto cathetan materi dina iki lan kirim email rindaagus01@gmail.com


STANDAR KOMPETENSI LULUSAN KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP)

  STANDAR KOMPETENSI LULUSAN  KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP) STANDAR ISI MATA PELAJARAN MUATAN LOKAL BAHASA JAWA SMP/SMPLB/MTs. TAHUN 2013 PROV...