Selasa, 23 Februari 2021

MATERI BAB 3 KELAS IX SEM 2 SESORAH (PIDHATO)

 MATERI BAB 3 KELAS IX SEMESTER 2

SESORAH (PIDHATO)



Pangertene sesorah

Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.


a.     Ancasing sesorah/tujuan sesorah

1. Atur Pambagyo = yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing              acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.

2. Atur kabar/paring informasi = yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.

3. Atur pangajak =yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken                            percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang  diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah

4. Atur panglipur = yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake                    atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.

5. Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang                    ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

 

b. Bab wigati nalika lagi sesorah(bab yang perlu diperhaikan saat pidato)

1. Basa

Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

2. Busana

Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.

3. Swara

Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.

4. Solah bawa(sikap)

Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.


c. Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah

1. Polatan mbesengut(terlihat marah)

2. Gugup(nerveous)

3. Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)

4. Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)

5. Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)

6. Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)

7. Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)

8. Tangan methentheng

9. Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)

10. Ngupil

 

d. Urutane sesorah

1. Salam pambuka

Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane 

2. Purwaka

Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku

3. Isi/wignatining atur

Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane

 

4. Pangarep-arep

Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang  tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.

 

5. Panutup

Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.


Contoh sesorah:


Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa

Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan

Kula ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.

Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.

Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.

Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.

Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Para pilenggah ingkang kinurmatan.

Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban karang taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang ing taun menika. Salah satunggaling inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar nasional.

Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun supados pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua BPD ingkang kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut menggalihaken.

Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya,bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb


TUGAS DARING KELAS IX B

DINA SELASA, 15-02-2022

1. Wacanen materi bab sesorah ing dhuwur!

2. Cathet materi kasebut ing buku cathethan B. jawa!

3. Upload foto cathethan basa jawa ing email rindaagus01@gmail.com

Jumat, 19 Februari 2021

MATERI BAB 3 KELAS VIII SEMESTER 2 CRITA LEGENDHA

 MATERI BAB 3 KELAS VIII SEMESTER 2 CRITA LEGENDHA



Assalamu'alaikum Wr Wb

Sugeng enjang lare-lare, mugi tansah kaparingan kasarasan lan karaharjan.

Pepanggihan dina iki Bocah-bocah wiwit sinau bab Cerita Legendha. Ing ngisor iki ana

 ringkesan lan materi Bab Legendha. Coba dipahami lan disinauni kanthi tumemen!


A. Tegese Legendha 

Legendha yaiku crita dumadine papan panggonan. Legendha iku kalebu sastra gancaran.

Gancaran iku karangan sing ora kaiket gatra, wilangan, lan guru lagu.

Sastra gancaran iku dumadi saka perangan sing ndhapuk crita/ unsur intrisnik.


B. Unsur-unsur Intrinsik

1.Tema,inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.

2.Paraga,inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos.

3.Penokohan,inggih menika gambaran watak paraga.

4.Alur/plot,inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.

5.Latar/setting,inggih menika panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun prastawa   ing salebeting         cariyos.

6.Amanat/pesan,inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng     pamaos.

7.Sudut pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.

   Pangripta saged dados:

   -Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )

   -Purusa katiga (orang ketiga )

   -Sarta mangertos (serba ngerti)


Rungokna video legendha ing ngisor iki!

https://www.youtube.com/watch?v=JIjefzRuXK4


TUGAS DARING KANGGO KELAS VIIIA, B,C,D, LAN 8E
DINA JUM'AT, 11-02-2022

1. Waca lan pahami materi Bab 3 Crita Legendha ing dhuwur.

2. Salin ing buku cathethan basa Jawa materi ing dhuwur.

3. Tugas dikirim ing email rindaagus01@gmail.com





Minggu, 14 Februari 2021

MATERI BAB 2 KELAS VII VIDEO TEMBANG SINOM SEMESTER 2

 MATERI BAB 2 KELAS VII 

VIDEO PEMBELAJARAN TEMBANG SINOM SEMESTER 2

Hasil gambar untuk tembang sinom

MATERI DARING DINA SELASA, 23-02-2021 KANGGO KELAS 7A-7E

1. Sinaua video pembelajaran ing link youtube ngisor iki!

https://www.youtube.com/watch?v=Ls7N5XwBfRI 

2. Catet materi kang wigati saka video pembelajaran ing buku cathethan Basa Jawa!

MATERI BAB 2 KELAS VIII VIDEO TEMBANG KINANTHI SEMESTER 2

 MATERI BAB 2 KELAS VIII 

VIDEO PEMBELAJARAN TEMBANG KINANTHI SEMESTER 2

 Hasil gambar untuk soal tembang kinanthi serat wulangreh

 

TUGAS DINA SENIN, 15-02-2021 KANGGO KELAS VIIIA-VIIIE

1. Sinaua  maneh materi bab Tembang Kinanthi ing video pembelajaran ing link youtube ngisor iki!

https://www.youtube.com/watch?v=PZZUDxsKfNQ

2. Catet materi kang wigati (penting) saka video pembelajaran ing dhuwur ing buku cathetan Basa Jawa!

Kamis, 28 Januari 2021

MATERI BAB 2 KELAS VII TEMBANG SINOM

 MATERI BAB 2 KELAS VII 

TEMBANG SINOM




SERAT WULANGREH PUPUH SINOM


Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru garta, guru

 wilangan lan guru lagu

a. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada (satu bait)

b. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.

c. Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.


Piwulang ing serat wulangreh iku maneka warna. Pustaka kang ditulis dening Sunan Pakubuwono ka-IV arupa tembang iku ing saben pupuh tembange isi piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca. Isi piwulange yaiku

1) Pupuh Dandhanggula isine bab cara milih guru;

2) Pupuh Kinanthi isine bab cara srawung utawa milih kancha;

3) Pupuh Gambuh isine larangan ndue watak adigang,adigung,adiguna ;

4) Pupuh Pangkur isine bab tata karma, mbedakake ala lan becik, sarta cara ndheleng wataking manungsa ;

5) Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah ;

6) Pupuh Dhudhuk wuluh isine cara ngawula marang raja ;

 7) Pupuh Durma isine carane ngandhaleni hawa nepsu ;

 8) Pupuh Wirangrong isine bab alabecik perilaku ;

9) Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mengerteni isining wacan ; 10)        Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan syukur ; 1

10) Pupuh Asmarandhana isine bab nindhakake ajaran agama ;

12) Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku 

13) pupuh girisa isine pesan sarta donga sang pujangga. Mangga padha mulasara                    kabudayan Jawi iki, mligine pupuh sinom.


Paugeran tembang sinom yaiku :

Guru gatra : 9 gatra

Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a

Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

Penjelasan :

Tembang Sinom

Tembang sinom iku kalebu salah sawijining tembang macapat utawa tembang cilik (sekar alit). Sinom nduweni teges isih enom. Sinom nyritakake kedadeyan babagan jabang bayi ingkang sampun berkembang dadi remaja kasenengane wong tua lan keluarga. Remaja ingkang sampun ageng namung sinau masalah urip taksih angel. Ugi pengalaman taksih kirang kathah. Rumangsa menungsa taksih enom uripe sering salah kaprah.

PUPUH XII S I N O M

01

Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning jalmi,

amiguna ing aguna,

sasolahe kudu bathi,

pintere den alingi,

bodhone didokok ngayun, p

amrihe den inaa,

mring padha padhaning jalmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.


Perilaku orang yang telah mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela kepandaian orang lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya ditampilkan agar dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada yang menghinanya 


02 Ingsun uga tan mangkana,

balilu kang sun alingi,

kabisan sun dokok ngarsa,

 isin menek den arani,

balilune angluwihi,

nanging tenanipun cubluk,

suprandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

 tanpa ngrasa prandene sugih carita.

 Aku pun tidak begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku kedepankan karena malu jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh namun ingin disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong

MATERI DINA SELASA, 09-02-2021 KANGGO KELAS 7A,B,C,D,LAN 7E

03 Tur ta duk masihe bocah,

akeh temen kang nuruti,

lakune wong kuna-kuna,

lelabetan kang abecik,

miwah carita ugi,

kang kajaba saking embuk,

iku kang aran kojah,

suprandene ingsun iki,

teka nora nana undaking kabisan.

Padahal ketika aku masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah

 

04 Carita nggonsun nenular,

wong tuwa kang momong dingin,

akeh kang padha cerita,

sun rungokna rina wengi,

samengko isih eling,

sawise diwasa ingsun,

bapa kang paring wulang,

miwah ibu mituturi,

tatakrama ing pratingkah karaharjan.

Adapun cerita yang kuberikan ini kuturunkandari orang tua yang mengasuhku dulu, banyak cerita yang kudengarkan baik siang maupun malam sampai sekarang masih aku ingat. Setelah aku dewasa, ayah yang memberiku nasihat, sedangkan ibu yang mengingatkan tentang tata karma dan tingkah laku kebaikan


05 Nanging padha estokana,

pitutur kang muni tulis,

yen sira nedya raharja,

anggone pitutur iki,

nggoningsun ngeling-eling,

pitutur wong sepuh-sepuh,

mugi padha bisa,

anganggo pitutur iki,

ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.

Namun turitilah nasihat yang tertulis ini, jika kau menghendaki keselamatan, laksanakan nasihat yang kuingat dari  tetua, mudah-mudahan kalian dapat melaksanakan nasihat ini, sebab ajaran orang tua akan membawa berkah

 

06 Lan aja nalimpang madha,

mring leluhur dhingin dhingin,

satindake den kawruhan,

ngurangi dhahar lan guling,

nggone ambanting dhiri,

 amasuh sariranipun,

temene kang sinedya,

mungguh wong nedheng Hyang Widdhi,

lamun temen lawas enggale tinekan.

Dan jangan ada yang berani mencela leluhur. Pahami laku berupa mengurangi makan dan tidur dengan cara ‘menyakiti’ diri untuk membersihkan diri sehingga akhirnya tercapai segala yang diinginkan. Adapun orang yang memohon kepada Yang Mahakuasa, cepat atau lambat akan dikabulkan jika sungguh-sungguh. 


07 Hyang sukma pan sipat murah,

njurungi kajating dasih,

ingkang temen tinemenan,

pan iku ujare Dalil,

nyatane ana ugi,

nenggih Ki Ageng Tarub,

wiwitira nenedha,

tan pedhot tumekeng siwi,

wayah buyut canggah warenge kang tampa.

 

Bukankah Yang Mahamulia itu memiliki sifat Mama Pemurah yang mengabulkan segala keinginan yang sungguh-sunguh. Bukankah demikian yang dikatakan hadits. Buktinya juga ada. Ki Ageng Tarub tak henti-hentinya memohon sehingga anak, cucu, buyut, canggah, wareng ikut mewarisinya 

MATERI BAB 2 KELAS VIII TEMBANG KINANTHI

 MATERI BAB 2 SEMESTER GENAP KELAS VIII 

TEMBANG KINANTHI



Pupuh kinanthi asale sangka kata “kanthi” kang anduweni arti nggandeng utawa nuntun.

Watak tembang kinanthi yaiku kemuliaan, tauladan kang becik, nasihat lan katresnanan.

Pugerane Tembang Kinanthi
 
1. Pada : 17
2. Guru Gatra : 6
3. Guru Lagu : u, i, a, i, a, i
4. Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8


                           Sekar Tembang Kinanthi

  5              6         6          6             6          1’        2’       2’
Mang-     ka       kan-     thi-        ning     tu-      mu-      wuh
 
2’             2’        1’          1’          6           61’     5          6’
Sa-           la-       mi-       mung    a-         was     e-          ling
 
5               6         1           1’           1’        1’         1’         61’
A-            was    sa-        jro-       ning     lu-       mam-     pah
 
5              5          5           5           5          2         32         1
E-            ling       lu-        ki-         ta         du-     ma-       di
 
1             2           3           5            5          5        5           5
Su-          pa-       di          nir         ing      sang-  sa-         ya
 
3             2           2           2            2         32        3           5
Ye-          ku-       pang-   rek-       sa-       ning      u-         rip




Pupuh Kinanthi Pada 1

      Mangka kanthining tumuwuh,
      Salami mung awas eling,
      Eling lukitaning alam,
      Dadi wiryaning dumadi,
      Supadi nir ing sangsaya,
      Yeku pangreksaning urip.


DALAM BAHASA INDONESIA

Padahal bekal/modal orang hidup,
selamanya waspada dan ingat,
Ingat kepada petunjuk/contoh di alam ini.
Jadi kekuatan hidup,
supaya lepas dari kesengsaraan,
yaitu cara pemeliharaan hidup.

DALAM BAHASA JAWA

Mangka kanggo sanguning urip,
Selawase kudu awas lan eling,
Ing mlaku kudeh ati-ati,
Eling marang pertandani urip,
Supaya adoh sangka sangsara,
Yo ngono carane nglakoni urip.


Pupuh Kinanthi Pada 2

      Marma den taberi kulup, 
      Angulah lantiping ati,
      Rina wengi den aneda,
      Pandak-panduking pambudi,
      Bengkas kahadaning driya,
      Supaya dadya utami.

DALAM BAHASA INDONESIA

Oleh karena itu rajinlah anakku,
belajar menajamkan perasaan.
Siang malam berusaha,
berusahalah selalu,
menghancurkan nafsu pribadi,
agar menjadi utama.

DALAM BAHASA JAWA

Mula sregepa anak-anakku,
Sinau netepi ati,
Rina wengi den upaya,
Mrasuk ing sajroning ati,
Ngilangake napsu,
Supaya dadi wong kang utama.

Pupuh Kinanthi Pada 3

      Pangasahe sepi samun,
      Aywa esah ing salami,
      Samangsa wis kawistara,
      Landhepe mingis mingis,
      Pasah wukir reksamuka,
      Kekes srabedaning budi.

DALAM BAHASA INDONESIA

Cara memperdalam/mempertajam didalam sepi (semedi),
jangan berhenti selamanya,
apabila sudah lihat,
tajamnya luar biasa,
dapat untuk mengiris gunung penghalang,
Lenyap semua penghalangnya budi.

DALAM BAHASA JAWA

Ngasah ing alam sepi (semedi),
Aja nganti leren sadurunge ngrasuk ng awak,
Yen wis ketara upaya,
Landhepe luar biasa,
Ngiris gunung gedhe,
Bisa ngilangi pepalangane budi pekerti.

Pupuh Kinanthi Pada 4

      Dene awas tegesipu,
      Weruh warananing urip,
      Miwah wisesaning tunggal,
      Kang atunggil rina wengi,
      Kang mukitan ing sarkara,
      Gumelar ngalam sakalir.

DALAM BAHASA INDONESIA

Dene waspada kui,
Ngerti kang dadi pepalangani urip,
Sarta kang kuwasa gusti,
Sing nduweni rina wengi,
Sing bisa dikabulna
Kasebar ing sekabihane ndonya.

DALAM BAHASA JAWA

Dene wespada iku tegese,
Weruh apa kang dadi ngalangi urip,
Serta kekuasaan kang Maha Esa,
Kang nduweni rina wengi,
Ora bisa dikabulna,
Bakal mbukak alame ndonya.


Pupuh Kinanthi Pada 5

      Ayawa sembrana ing kalbu,
      Wawasen wuwus sireki,
      Ing kono yekti karasa,
      Dudu ucape pribadi,
      Marma den sembadeng sedya,
      Wewesen praptaning uwis.

DALAM BAHASA INDONSIA

Jangan lengah di dalam hati,
perhatikan kata-katamu,
disitu tentu terasa,
bukan katamu sendiri,
oleh karenanya bertanggungjawablah
dan perhatikan semuanya sampai tuntas.

DALAM BAHASA JAWA

Aja nganti sembrana ning ati,
Waspada marang pangucapanmu,
Ning kono bakal kerasa,
Ora pangucapane dhewe,
Mula kudu tanggung jawab,
Nganti apa sing desembadaaki tuntas.


Pupuh Kinanthi Pada 6

      Sirnakna semanging kalbu,
      Den waspada ing pangeksi,
      Yeku dalaning dalaning kasidan,
      Sinuda saka sathithik,
      Pamotahing nafsu hawa,
      Linantih mamrih titih.

DALAM BAHASA INDONESIA

Hilangkan keragu-raguan hati.
Waspadalah terhadap pandanganmu,
Itulah jalan yang baik,
Kurangilah dari sedikit,
Permintaan hawa nafsu,
latihlah agar sempurna.

DALAM BAHASA JAWA

Ngilangaki rasa mamang ing ati,
Den waspada marang pandelengmu,
Mengkono kui dalan kang apik,
Sudanen sangka sithik-sithik,
Kepenginane hawa nafsu,
den latiha supaya sempurna.

Pupuh Kinanthi Pada 7

       Aywa  mematuh nalutuh,
      Tanpa tuwas tanpa kasil,
       Kasalibuk ing srabeda,
       Marma dipun ngati ati,
       Urip keh rencananira,
       Sambekala den kaliling.
 

DALAM BAHASA INDONESIA

Jangan membiasakan diri berbuat aib,
tidak ada gunanya tidak ada hasilnya.
Terjerat oleh rintangan/gangguan.
Oleh karena itu berhati-hatilah,
Hidup banyak rintangannya,
Godaan harus diperhatikan.

DALAM BAHASA JAWA

Aja kulina tumindak ala,
Tanpa guna tanpa kasil,
Kena marang gangguan,
Mula diati-ati,
Urip kui akeh panggodane.
Panggoda kudu diperhatikna.

Pupuh Kinanthi Pada 8

      Upamane wong lumaku,
      Marga gawat den liwati,
      Lamun kurang ing pangarah,
      Sayekti karendhet ing ri,
      Apese kasandhung padhas,
      Babak bundhas anemahi.

DALAM BAHASA INDONESIA

Seumpama orang berjalan,
Jalan yang berbahaya dilalui.
Apabila kurang perhitungan,
tentulah tertusuk duri,
paling tidak terantuk batu,
akhirnya terluka.

DALAM BAHASA JAWA

Saumpama wong melaku,
Dalan kang bebaya dilewati,
Yen kurang ati ati,
Bisa kena ri(pepalang),
Apese kya kesandung watu,
pungkasane kelara-lara.

Pupuh Kinanthi Pada 9

     Lumrah bae yen kadyaku,
      Atetamba yen wus becik,
      Duwey kawruh sabodhag,
      Yen tan nartani ing kapti,
      Dadi kawruhe kinarya,
      Ngupaya kasil lan melik.

DALAM BAHASA INDONESIA

Yang demikian itu biasa,
berobat setelah terluka,
walaupun punya pengetahuan banyak,
apabila tidak ada gunanya,
sehingga pengetahuannya hanya dipakai,
mencari nafkah dan pamrih.

DALAM BAHASA JAWA

Lumrah wae yen mangkono,
Golek tombo yen bablak,
Sanadyan duwe ilmu akeh,
Yen ora padha karo tujuan,
Kawruh mung dienggo,
Ngupaya kasil lan pamrih.


Pupuh Kinanthi Pada 10

      Meloke yen arsa muluk,
      Muluk ujare lir wali,
      Wola wali nora nyata,
      Anggepe pandhita luwih,
      Kaluwihane tan ana,
      Kabeh tandha-tandha sepi,

DALAM BAHASA INDONESIA

Terlihat bila berkomentar,
bicaranya muluk-muluk biar dianggap wali,
berkali-kali tidak terbukti.
Menganggap dirinya pandita hebat,
kehebatannya tidak ada,
bukti-bukti tidak nampak.

DALAM BAHASA JAWA

Omongane muluk-muluk
Omongane kaya wali,
Bola-bali ora ana asile,
Anggepe dheweke nduwe,
Kaluwihane ora ana,
Kabeh iku prantarane jiwa kang kesang.

Pupuh Kinanthi Pada 11

      Kawruhe mung ana wuwus,
      Wuwuse gumaib-gaib,
      Kasliring thithik tan kena,
      Mancereng alise gathik,
      Apa pandita antiga,
      Kang mangkono iku kaki.

DALAM BAHASA INDONESIA

Pengetahuannya hanya ada didalam mulut.
Kata-katanya digaib-gaibkan,
Dibantah sedikit saja tidak mau.
Mata membelalak alisnya menjadi satu (marah),
apa itu pandita palsu,
yang seperti itu anakku.

DALAM BAHASA JAWA

Ngrlmune mung omongan thok,
Omongane digawe-gawe,
Disenggol sitik ora kena,
Muring-muring alise gathik,
Apa kuwi kang diarani pandhita palsu,
Kang kaya kuwi anakku.


Pupuh Kinanthi Pada 12

      Mangka ta kang aran laku,
      Lakune ngelmu sejati,
      Tan dahwen pati openan,
      Tan panasten nora jail,
      Tan njurungi ing kahardan,
      Amung eneng mamrih ening.

DALAM BAHASA INDONESIA

Padahal yang disebut laku (sarat)
saratnya menjalankan ilmu sejati,
Tidak iri dan dengki,
tidak mudah marah dan jail,
tidak melampiaskan hawa nafsu.
Hanyalah diam agar dapat tenang.

DALAM BAHASA JAWA

Mangka ta sing diarani laku,
Lakune ngelmu sejati,
Ora kena iri/ngurusi liya,
Ora kena panas ati lan jail,
Ora ngelampiasake amung nafsu,
Kang ditindhakake amung anteng.

Pupuh Kinanthi Pada 13

      Kaunanging budi luhung,
      Bangkit ajer ajur kaki,
      Yen mangkono bakal cikal,
      Thukul wijining utami,
      Nadyan bener kawruhira,
      Yen ana kang nyulayani,
 

DALAM BAHASA INDONESIA

Biasanya budi yang baik itu,
pandai bergaul dengan siapapun anakku,
bila demikian akan tumbuh,
tumbuh benih utama.
Walaupun pengetahuannya benar,
bila ada yang berbeda pendapat

DALAM BAHASA JAWA

Luhure budi pekerti,
Gampang srawung sapa wae,
Yeku bakal thukul ilmu,
Tukul ilmu kang utama,
Nadyan bener ilmune,
Kadang ora ana sing bedha.


Pupuh Kinanthi Pada 14

       Tur kang nyulayani iku,
       Wus wruh yen kawruhe nempil,
       Nanging laire angalah,
       Katingala angemori
       Mung ngenaki tyasing lisan,
       Aywa esak aywa serik.

DALAM BAHASA INDONESIA

Lebih-lebih yang berbeda pendapat itu,
kita ketahui bukan pengetahuannya sendiri,
tetapi diluar mengalah,
agar terlihat sesuai.
Hanya menyenangkan hati orang lain,
Jangan sakit hati dan dendam.

DALAM BAHASA JAWA

Kang ngulayani/ngelmu,
Biasane ilmune cethek,
Nanging uripe sing rukun,
Katingala sing becik,
Mung bisa kepenak atine liya,
Aja lara ati lan serik.


Pupuh Kinanthi Pada 15

       Yeku ilapating wahyu,
       Yen yuwan ing salami,
       Marga wimbuh ing nugraha,
       Saking heb Kang Maha Suci,
       Cinancang pucuking cipta,
       Nora ucul-ucul kaki.

DALAM BAHASA INDONESIA

Demikianlah saratnnya wahyu,
bila demikian selamanya,
itu jalan menambah pahala,
dari Sabda Tuhan,
diikat diujung cipta,
tidak akan lepas anakku,

DALAM BAHASA JAWA

Yaiku perantarane yen arep entuk wahyu,
Yen lega salawase,
Mula iso entuk anugrah,
Saking sabda Gusti,
Ditali ing pucuke cipta,
Ora ngarah ucul anakku.

Pupuh Kinanthi Pada 16

      Mangkono ingkang tinamtu,
      Tanpa nugrahing widhi,
       Mamrih ta kulup den bisa,
       Mbusuki ujaring janmi,
       Pakoleh lair batinnya.
       Lir leluhur nguni uni,
 

DALAM BAHASA INDONESIA

Begitulah biasanya,
mendapat anugrah Tuhan.
Oleh karena itu agar anakku agar kau bisa,
pura-pura menjadi orang bodoh terhada orang lain,
hasilnya lahir batin,
iyalah budi yang baik.

DALAM BAHASA JAWA

Kaya kuwi siasane wong urip,
Entuk anugrahe Gusti,
Mula sinau sak bisa-bisane,
Etok-etok ujare manungsa,
Supaya entuk katentremen,
Kaya ngono kuwi budine sing becik.

Pupuh Kinanthi Pada 17

       Pantes tinulad tinurut
       Laladane mrih utami,
       Utama kembanging mulya,
       Kamulyaning jiwa dhiri,
       Ora ta yen ngeplekana,
       Lir leluhur nguni uni.

DALAM BAHASA INDONESIA

Pantas jadi tauladan dan diikuti,
cara-cara mencapai kebaikan,
Itu permulaan dari kemuliaan.
Kemulyaan jiwa jiwa raga,
walaupun tidak persis,
seperti nenek moyang dahulu.

DALAM BAHASA JAWA

Pantes dadi tuladha lan ditiru,
Saranane dadi wong kang utama,
Iku kembang kamulyan,
Kamulyane jiwa raga,
Masio ora persis,
Kayata leluhur biyen.

Pupuh Kinanthi Pada 18

        Ananging ta kudu-kudu,
        Sakadarira pribadi,
        Aywa tinggal tutuladhan,
        Lamun tan mangkono kaki,
        Yekti tuna ing tumitah,
         Poma kaestokna kaki.

 

DALAM BAHASA INDONESIA

Tetapi harus iktiar,
sekedarnya saja,
jangan melupakan tauladan/contoh,
Apabila tidak demikian anakku,
itu berarti rugi hidup ini.
Oleh karena itu jalankanlah anakku.

DALAM BAHASA JAWA

Ananging sira kudu ngupaya,
Miturut kemampuane awake dhewe,
Aja ninggal patuladan,
Yn sira ora nglakoni,
Mati bakal dadi kang rugi,
Mangka lakonana anakku.



TUGAS DINA KEMIS, 26-01-2023 KANGGO KELAS 8D!
1. Waca lan Pahami materi Bab Tembang Kinanthi ing dhuwur!
2. Gaweya ringkesan ing buku cathethan basa Jawa, foto lan upload      cathethan ing email rindaagus01@gmail.com
3. Maksimal ngirim tugas dina iki jam 00.00 WIK!

STANDAR KOMPETENSI LULUSAN KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP)

  STANDAR KOMPETENSI LULUSAN  KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP) STANDAR ISI MATA PELAJARAN MUATAN LOKAL BAHASA JAWA SMP/SMPLB/MTs. TAHUN 2013 PROV...