Minggu, 28 Maret 2021

MATERI BAB 4 KETHOPRAK KELAS IX SEM 2

MATERI BAB 4 

KETHOPRAK KELAS IX SEMESTER 2 


Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asale saka Jawa. Jroning pagelaran kethoprak, sandiwara kang diselingi tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan kasuguhake.

Lumrahe, crita kang diangkat jroning pagelaran kethoprak ana maneka warna jinise. Ana sing dijupuk saka crita sujarah Jawa, legenda, utawa saka crita manca nagara. Nanging genahe crita kang dibabar ora bakal njupuk saka wiracarita Ramayana lan Mahabharata. Sebab, pagelarane malih dudu kethoprak nanging dadi wayang wong.

Sawetara taun kapungkur, crita kethoprak akeh dibabar ing TV. Ana sing arupa kethoprak klasik, yaiku pagelaran kethoprak kang dibabar ing panggung kanthi beber kang winates. Sabanjure uga ana kethoprak sayembara, yaiku kethoprak kang dibabar ing TV kanthi beber alam lan swasana ing njaban gedhung. Becike maneh, saben episode, mesthi dipungkasi kanthi sayembara kang nyedhiyani hadhiah mirunggan kanggo milut lan nggeret kawigatene pamirsane.

Jaman mbiyen kuwi tau disiyarke ing TV, kethoprak sayembara. Kuwi dadi tontonan wajib wong sakkampung. Saliyane critane apik, shooting-e ya neng njaba, ora neng ndhuwur panggung kaya saumume kethoprak. Dadine ora mboseni. Apa maneh ana sayembarane barang.

Ing ngrembakane jaman, uga metu panglipur kang uga ngusung kethoprak. Nanging kethoprak jinis iki akeh dibumboni dhagelan utawa guyonan, mula diarani kethoprak humor. Para paragane uga para dhagelan kondhang ing jagad kasenian.

Sawetara sumber nyebutake kasenian kethoprak antuk kalungguhan kang mirunggan jroning masarakat Jawa, mligine wong cilik. Sebab jroning kethoprak, seni sandiwara, musik lan sastra dibabar bebarengan. Kasenian kethoprak iki tuwuh ngrembaka ing Ngayogjakarta lan Jawa Tengah, sarta saperangan dhaerah Jawa Timur. Jaman mbiyen kethoprak dadi panglipure masarakat.

Dene sawetara lakon kethoprak kang kondhang ing antarane yaiku Arya Penangsang Warok Suramenggala, Abdul Semararupi, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana, Andhe-andhe lumut, Anglingdarma, Rara Mendut-Pranacitra, Damar Wulan, lan sapiturute. Nanging kadhang kala ya ana sing ngangkat crita saka manca nagara, upamane Sampek-Ingtay.

Sanajan ngandhut piwulang budaya Jawa, kasunyatane ing ngrembakane jaman, kasenian kethoprak rada dikiwakake dening masarakate. Mligine generasi mudha saiki akeh sing ora pati dunung marang kasenian kethoprak. Apa maneh gelem nresnani kasenian iki.


Bab-bab kang mbangun wutuhing carita (unsur-unsur intrinsik) ing ngisor iki:

1.Tema,inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.

2.Paraga,inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos.

3.Penokohan,inggih menika gambaran watak paraga.

4.Alur/plot,inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.

5.Latar/setting,inggih menika panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos.

6.Amanat/pesan,inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos.

7.Sudut pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.


Tuladha naskah ketoprak bahasa jawa

Ing jaman biyen, wonten satunggal kerajaan ingkang kasebut kerajaan Ngastinapura. Raja punika nggadahi

sifat serakah lan sa’geleme dewe. Ananging raja kagungan putra ingkang bagus ati lan rupane. Baguseraono tandingane. Salah sawijining dino hulubalang kerajaan nariki pajak dateng para rakyate. Arepokepeksa kabeh bisa bayar, kajaba Kunti. Rakyat miskin ingkang sampun boten anggadahi bapa biyung,amargi sampun seda. Kunti iku yo ra maido ayune, mlinir kaya eseme wulan yen lagi terang wulan. Amargiboten saget bayar pajak kunti digowo menyang kerajaan didadosaken pembantu.Wonten ing kamar, Raja Aiswara lan Raden Airlangga lagi padha rerembugan.Raja :

“Putraku, kapan kowe golekke ramamu iki mantu?”

 Raden :“nyuwun ngapunten Rama, kula dereng nemokaken ingkang mathuk kalian atikula.”

 Raja : “Ramamu iki wes tua ngger, kepengenku, kowe ngganti aku kui wes duwe bojo

 Raden :“Sendika dawuh Rama”

 Raja : “ananging, aku kepengen sik padha-padha saka kerajaan”

 Banjur ngunu kui Kunti teko gawa baki isi Poci.Kunti :

“Mangga Raden, mangga gusti. Nuwun sewu.”

 Raja :“yayaya, gek balio kono. Putraku, pikirno opo sik tak omongke marang kowe mau.”(lungo)

 Raden Airlangga wis ra gatekake menapa titahipun rama. Raden sampun kepencut kalian bocah ayu lanmlinir mau, kunti. Sak jroning ati, Raden pengen ngerti sapa ta bocah wadon kae mau. Banjur Raden nekaniadikke wonten ing taman kerajaan

Raden :“duh adikku ingkang ayu dewe”!

 Inten : “wonten menapa ta kangmas?”

 Raden: “reneo dik, aku meh takok marang sliramu”

 Inten: “bab menapa kang?”

 Raden: “kowe ngerti ora bocah wadon ingkang dadi babu anyar kerajaan kae, sek ayu tur mlinir.”

 Inten: “o. . .Kunti maksutipun kakang?lha nggeh dereng dangu kok kangmas. Jalaranipun Kunti menika boten saget bayar pajak bar menika Kunti sampun boten gadah Bapa biyung.”

 Raden: “o . . .dadi bocah kae jenenge Kunti”.

 Rino wengi Raden Airlangga ora bisa turu amargi kepikiran Kunti.bocah wado ingkang saget gawe kasmaransi Raden.(raden nyanyi)

“yen ing tawang ana lintang cah ayu


TUGAS DINA KEMIS 01 APRIL 2021 KANGGO KELAS 9A LAN 9B

1. WACANEN MATERI KETHOPRAK ING DHUWUR!

2. CATET BAB-BAB KANG WIGATI SAKA MATERI ING DHUWUR!

Minggu, 21 Maret 2021

MATERI BAB 3 KELAS VII SEMESTER GENAP KIDANG KENCANA

 MATERI BAB 3 KELAS VII SEMESTER GENAP 

KIDANG KENCANA




Teks cerita wayang yaiku, tulisan kang awujud runtut kang nyeritakake babagan lelakon wayang.

Bilih strukturipun wonten 3

- jejer /pambuka (orientasi).

- pasulayan (komplikasi).

- pangundhare prekara (revolusi / pemecahan masalah).


Unsur-Unsur Crita Wayang :

Unsur Intrinsik : unsur-unsur sing kawangun saka jerone carita iku, kayata :

1.Tema (punjere crita) yaiku ide kang dadi intine carita

2.Alur (plot) yaiku urutaning prastawa ing sajrone carita. Jinise alur : maju, mundur, maju mundur

3.Watak wantune paraga (penokohan) yaiku : watak wantun kang diduweni saben paraga. (bleger, pocapan, polah tingkah)

4.Busananing Basa (gaya bahasa) yaiku carane pangripta milih isining carita.

5.Pamawase pangripta (sudut pandang) : sudut pandang kang digawe pripta kanggo ndeleng sawijining kadadeyan sajroning carita

6.Latar (setting) : katrangan kang nuduhake panggonan, wayah, swasana carita


TUGAS KANGGO KELAS 7A,B,C,D, E DINA JUM'AT, 11-02-2022

1. Wacanen materi Bab Kidang Kencana.

2. Rungokna lan Pahami video cerita wayang Kidang Kencana ing link youtube https://www.youtube.com/watch?v=RqXPHorvvSs

3. Wangsulana soal-soal kang ana ing link kasebut banjur tulis ing buku Tugas B.jawa.

TUGAS DARING KELAS 8 BAB 3 LEGENDHA SENIN, 22-03-2021

 TUGAS DARING KELAS 8 BAB 3 LEGENDHA SEMESTER 2

 SENIN, 22-03-2021



Tugas Daring dina iki kanggo siswa lan siswi Kelas VIIIA-VIIIE

1. Goleka salah sijining crita rakyat (Legendha) kang ana ing wewengkon Pulo Jawa bisa Jawa        Tengah, Jawa Wetan, Jawa Kulon, DKI lan wewengkon Ngayogyakarta. Yen wis oleh critane        banjur diketik/ ditulis ing kertas folio.

2. Golekana unsur intrinsik kang ana ing crita kasebut kayata:

    a. Irah-Irahan (judhul)

    b. Paraga (tokoh) lan watake

       -antagonis (paraga kang duweni watak ala)

       - protagonis (paraga kang watake apik)

       - tritagonis (paraga kang mbiyantu paraga protagonis lan antagonis/ paraga pelerai)

    c. setting (latar)

       -panggonan

       -wektu

       - swasana

    d. Plot (alur)

    e. Amanat (pesen pangripta kanggo sing maca crita)

 NB: unsur intrinsik bisa diketik/ ditulis tangan ing kertas folio

3. Crita legendha lan analisis unsur intrinsik kang wis diketik/ ditulis tangan dijilid kang rapi diwenehi sampul lan logo SMP N 1 Mertoyudan.

     Urutan Jilid Kliping:

      a. cover (sampul)

      b. cerita legendha

      c. unsur intrinsik

4. Kliping kang wis dadi difoto lan kirim Link https://forms.gle/PQqNEzGKgbgbHGSy7

5. Maksimal upload foto ing link dina senin, 29-03-2021 jam 20.00

6 Tetep semangat lan aja ditunda-tunda tugase!


tuladha cover (sampul kliping)

KLIPING BASA JAWA

LEGENDHA RAWA PENING



LOGO SMP



KARIPTA DENING:

NAMA : SINTA

KELAS : VIII A

NOMER ABSEN: 25




SMP NEGERI 1 MERTOYUDAN

KABUPATEN MAGELANG

TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Jumat, 12 Maret 2021

MATERI BAB 2 SEMESTER 2 KELAS VII KIDANG KENCANA

WULANGAN 2 (MATERI BAB 2) SEMESTER 2 KELAS VII KIDANG KENCANA


                                                       
Kidang Kencana Ramayana

Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga mirsani sesawangan sing edi peni. Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta.

Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.
“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”
“Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.
Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet suasanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing, kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing nembus awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah.

Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana.
“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas …”

“Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga kula lila dak kurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget manawi kangmbok Sinta kagungan panganggep kados makaten dhateng kula.”
“Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel wates kangge kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika kangge kawilujengan amargi kangmbok kula tilar piyambakkan.”
Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.
Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan.

“Aduh! Cilaka rayi Lesmana … iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi awake dhewe. Ayo saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta!”
Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, swarane kaprungu ing saindhenging angkasa, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.

Tugas Daring Dina Jum'at, 27-01-2023 kanggo siswa lan siswi kelas VIIE.

1. Wacanen cerita wayang kidang kencana ing dhuwur!
2. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor Iki!
     a. Apa irah-irahane cerita kasebut?
     b. Sebutna sapa wae paraga kang ana ing cerita dhuwur!
     c. Kepriye watake saben paraga!
     d. sebutna amanat saka cerita ing dhuwur 2 ukara wae!
3. Tugas difoto kirim email rindaagus01@gmail.com

Selasa, 09 Maret 2021

MATERI KELAS VIII SEMESTER 2 DUMADINE KUTHA MAGELANG

MATERI KELAS VIII SEMESTER 2 



DUMADINE KUTHA MAGELANG

Kutha Magelang (Jawa: ꦏꦸꦛꦩꦒꦼꦭꦁ) iku kutha ing Jawa Tengah Indonésia, pernahé ing tengah-tengah provinsi Jawa Tengah Indonésia. Leté saka kutha Semarang 76 km lan saka kutha Yogyakarta 42 km. Jembar wewengkon kutha iki ± 18,12 km² utawa hèktar.

Dina dadi Kutha Magelang dikukuhaké miturut Peraturan Laladan Kutha Magelang Nomer 6 Taun 1989, sing wosé tanggal 11 April 907 Masehi minangka dina daadi. Panetepan iki minangka tindak lanjut saka seminar lan dhiskusi sing diayahi déning Panitia Dina Dadi Kutha Magelang bebarengan karo Universitas Tidar Magelang, dibantu nimpuna sajarah lan arkéologi Universitas Gadjah Mada, Drs.MM. Soekarto Kartoatmodjo, dipirantèni manéka panelitèn ing Museum Nasional lan Museum Radya Pustaangka Surakarta.

Kutha Magelang miwiti sajarahé minangka désa perdikan Mantyasih, sing wektu iki kaloka minangka Kampung Meteseh ing Kalurahan Magelang. Mantyasih dhéwé duwé makna duwé iman sajeroning Cinta Kasih. Ing kampung Meteseh wektu iki ana sawijining lumpang watu sing diyakini minangka papan upacara panetepan Sima utawa Perdikan. Kanggo nelusuri sajarah Kutha Magelang, sumber prasasti sing dipigunakaké yaiku Prasasti PohPrasasti Gilikan lan Prasasti Matyasih. Kateluné wujud parsasti sing ditulis ing lempengan tembaga. Parsasti POH lan Mantyasih ditulis jaman Mataram Hindhu wektu pamaréntahan Raja Rake Watukura Dyah Balitung (898-910 M), sajeroning prasasti iki ingaran-sebut anané Désa Mantyasih lan jeneng Désa Glangglang. Mantyasih iki sing sabanuré owah dadi Meteseh, déné Glangglang owah dadi Magelang.

Prasasti Mantyasih isi antarané, panyebutan jeneng Raja Rake Watukura Dyah Balitung, sarta panyebutan angka 829 Çaka wulan Çaitra tanggal 11 Paro-Gelap Paringkelan Tungle, Pasaran Umanis dina Senais Sçara utawa Sabtu, utawa dina Setu Legi tanggal 11 April 907. Sajeroning Prasasti iki ingaran uga Désa Mantyasih sing dikukuhaké déning Sri Maharaja Rake Watukura Dyah Balitung minangka Désa Perdikan utawa laladan bébas pajeg sing dipanggedhèni déning punggawa patih. Uga ingaran-sebut Gunung SUSUNDARA lan WUKIR SUMBING sing saiki kaloka minangka Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing.

Sabanjuré Magelang tuwuh dadi kutha lan dadi Kutha krajan Karesidhènan Kedhu lan uga naté dadi Kutha krajan Kabupatèn Magelang. Sawisé mangsa kamardikan kutha iki dadi kuthapraja lan sabanjuré dadi kuthamadya lan ing era reformasi, sairing karo anané otonomi marang laladan, sebutan kuthamadya diganti dadi kutha. Nalika Inggris nguasani Magelang ing abad ka 18, kutha iki didadèkaké punjer pamaréntahan setingkat Kabupatèn lan diangkat Mas Ngabehi Danukromo minangka Bupati pisanan. Bupati iki sing sabanjuré ngrintis madegé Kutha Magelang kantho yasa Alun-alun, yasan papan panggonan Bupati sarta sawijining masjid. Sajeroning perkembangan sabanjuré dipilih Magelang minangka Kutha krajan Karesidhènan Kedhu ing taun 1818. Sawisé pamaréntah Inggris ditaklukaké déning Walanda, kalungguhan Magelang tansaya kuwat. Déning pamaréntah Walanda, kutha iki didadèkaké punjer lalu lintas perékonomian. Kajaba iku amarga dunungé sing strategis, hawané sing seger sarta pemandangané sing éndah Magelang banjur didadèkaké Kutha Militer: Pamaréntah Walanda terus njangkepi sarana lan prasarana kutha. Menara air ombèn diyasa ing tengah-tengah kutha taun 1918, perusahaan listrik wiwit operasi taun 1927, lan dalan-djalan arteri banjur diaspal[1].


Tugas Daring Dina Senin Tanggal 15-03-2021 Kanggo Kls 8A-8E
Wacanen Legedha ing dhuwur! Banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur!
2. Ana pirang km jembare wewengkon kutha kasebut!
3. Kepriye wiwit critane Kutha Magelang dadi kuthamadya!

NB: Tugas ditulis ing buku tugas Basa Jawa kirim email rindaagus01@gmail.com

STANDAR KOMPETENSI LULUSAN KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP)

  STANDAR KOMPETENSI LULUSAN  KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP) STANDAR ISI MATA PELAJARAN MUATAN LOKAL BAHASA JAWA SMP/SMPLB/MTs. TAHUN 2013 PROV...