MATERI BAB 2 TEMBANG GAMBUH
KELAS VIII SEMESTER GASAL
Pangerten
Serat Wulangreh misuwur wonten bebrayan tiyang Jawi. Serat
wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwono IV punika nggadhahi basa ingkang gampil
dipuntampi. Gampil dipun pundhut piwulangipun. Serat Wulangreh punika nggadhahi
13 pupuh antawisipun dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang,
duduk wuluh, durma, wirongrang, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa.
Ingkang badhe kula rembang inggih punika pupuh gambuh. Pupuh
gambuh wonten serat wulangreh kababar dados 17 tembang. Piwulang ingkang saged
dipunpundhut babagan tiyang kang kedah nebihi watak adigang adigung adiguna.
Adigang ateges ngendelaken kuwasa, adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan
adiguna ateges ngendelaken kapinteran. Watak tetiga punika kedah dipuntebihi
amarga saged ndamel setunggaling tiyang keblinger. Sapunika isinipun piwulang
wonten ing serat wulangreh pupuh gambuh.
Gambuh
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katuruh pan dadi awon
Watak Tembang Macapat Gambuh
Tembang
Gambuh kui ngggambarake watak pawongan kang sansaya diwasa. Tembang iki menehi
pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap bisa nyawiji tur urip ayem
tenterem.
Paugeran
Guru Gatra : 5
Guru Wilangan : 7,10,12,8,8
Guru Lagu : u,u,i,u,o
MATERI DARING KANGGO SISWA LAN SISWI KELAS 8A,B,C,D LAN E
DINA SENEN, 09-08-2021
1. WACANEN MATERI ING DHUWUR KANTHI TENANAN!
2. SALIN MATERI ING DHUWUR ING BUKU CATHETHAN BASA JAWA!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar