Jumat, 21 Mei 2021

MATERI KELAS VII SEMESTER 2 ANGKA JAWA

 MATERI KELAS VII SEMESTER 2

ANGKA JAWA


Para siswa kang kinasih, sajrone sinau basa Jawa ora bisa dipisahahe saka aksara Jawa.
Aksara Jawa cacahe ana 20, saben aksara duweni pasangan dhewe-dhewe.

Saliyane aksara Jawa legena kang cacahe 20, uga ana aksara Murda kang cacahe 8, aksara swara, aksara rekan lan aksara angka.

Pasinaon iki mligi bakal nyinaoni  Angka Jawa. Angka Jawa iku wujude uga aksara Jawa.

Supaya ora mbingungake, kanggo nulis angka Jawa dipisahake kanthi pada pangkat (;).
Tumrap angka Jawa kang manggon ing tengahe ukara diapit nganggo pada pangkat (;).

Supaya luwih jelas lan gamblang ayo padha disinaoni materi ing ngisor iki sing bakal ngrembug  aksara angka. Coba para siswa lan siswi bukak link video pembelajaran babagan anka jawa ing ngisor iki!


sakwise nyinaoni tulisen materi bab angka jawa ing buku cathetan Basa Jawa.

Selasa, 18 Mei 2021

MATERI KELAS VIII SEMESTER 2 AKSARA JAWA

 MATERI BAHASA JAWA KANGGO SISWA LAN SISWI KELAS VIIIA,B,C,D LAN E

DINA SENIN, 24-05-2021

AKSARA JAWA



1. Gatekna lan rungokna video pembelajaran ing link youtube ngisor iki!

    https://www.youtube.com/watch?v=uDuHWO1Ja2w

2. Garapa soal latihan kang ana ing link youtube kasebut ing buku tugas Basa Jawa!

3. Kirim tugas ing email rindaagus01@gmail.com

Rabu, 21 April 2021

MATERI KELAS 7 SEM 2 AYO NULIS PACELATHON

 MATERI KELAS 7 SEM 2 

AYO NULIS PACELATHON


Materi Daring Dina Selasa, 27-04-2021

Kanggo Siswa lan siswi kelas 7A-7E

1. Coba Gatekna video ing ngisor iki!                                                                                        https://www.youtube.com/watch?v=Pyf1eNoBzzg

2. Sawise nyimak materi lan tuladha pacelathon ing link youtube kasebut coba saiki          bocah-bocah latihan gawe teks pacelathon kang prasaja (sederhana wae) antarane:      bocah kang matur karo wong tuwa/ siswa matur marang bu guru/ pak guru.

3. Tugas ditulis ing buku tugas basa Jawa lan ditanda tangani wong tuwa ing sisih            pojok tengen dhuwur!

4. Foto lan kirim tugas ing alamat email rindaagus01@gmail.com


MATERI KELAS 8 SEM 2 VIDEO PJJ SANDIWARA

 MATERI KELAS 8 SEM 2 

VIDEO PEMBELAJARAN DARING 

SANDIWARA



MATERI DARING KANGGO KELAS 8A-8E

 DINA SENIN 26-04-2021


1. Buka tautan link video pembelajaran ing ngisor iki!

    https://www.youtube.com/watch?v=fJN9uNDS3Lo

2. Catet Materi kasebut ing buku cathethan basa Jawa lan diwenehi tanda tangan wong tuwa ing          sisih pojok tengen bukumu!

3. Foto lan kirim buku cathethan ing email rindaagus01@gmail.com

Rabu, 14 April 2021

MATERI KELAS 7 SEM 2 VIDEO PACELATHON IBU LAN ANAK

 MATERI KELAS 7 SEM 2 

SELASA, 20-04-2021

VIDEO PACELATHON IBU LAN ANAK



1. Rungokna video pacelathon ing ngisor iki

https://www.youtube.com/watch?v=p5BU_3geU5M

2. Adhedhasar Video ing dhuwur, Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki ing buku tugas Basa Jawa banjur di wenehi identitas lan ditanda tangani wong tuwa ing pojok dhuwur sisih tengen!

Pitakonan:

a. Apa topik (tema) pacelathon ing video kasebut!

b. Ana pira cacahe paragane!

c. Sapa wae jenenge paragane!

d. Apa isi pacelathon ing video kasebut!

3. Foto lan kirim tugas ing email rindaagus01@gmail.com


MATERI KELAS 8 SEM 2 SANDIWARA SENIN, 19-04-2021

 MATERI KELAS 8 SEM 2 SENIN, 19-04-2021

SANDIWARA 




A. Pangertene Sandiwara
     Sandiwara yaiku salah sijining sastra kang nggambarake                 panguripan kanthi ngatonake konflik lan emosi kang                       diwujudake lumantar lakuning crita lan pacelathon                         antaraning paraga.

Sandiwara miturut wujud dramatise dadi warna loro yaiku 
1. Sandiwara tragedhi
2. komedhi

Menawa didelang saka kuantitas cacahing pacelathon kaperang dadi 1. drama mini, 
2. pantomim
3. drama tembang

Miturut onjoning unsur seni sing kakandhut drama kaperang dadi:
1. drama tablo
2. sendratari
3. opera

Adhedhasar media pementasan drama kaperang dadi:
1. drama Televisi
2. drama rdhiyo
3. drama pentas
4. drama maca

B. Unsur Intrinsik Drama Jawa

Unsur instrinsik drama yaiku unsur sing ana ing njero karya sastra drama lan mbangun utuhe pagelaran drama.

Unsur intrinsik drama Jawa ana pitu yaiku:

1.      alur (plot)

2.      peraga lan wewatake

3.      pirembugan (dialog)

4.      setting utawa latar

5.      tema

6.      pesen moral (amanat)

7.      pituduh teknis (pituduh laku)


Alur (plot)

Alur utawa plot yaiku mujudake rerangkening crita saka wiwitan nganti pungkasan kang uga mujudake rerangkening konflik antarane paraga.


Paraga lan wewatake

Paraga lan wewatake yaiku para paraga sing kedhapuk jroing drama. Saben paraga kudu bisa dhapuk adhedasar watak sing diperagaake.


Pirembugan (dialog)

Pirembugan utawa dhialog yaiku mujudake ciri khase teks drama. Dhialog sajroning teks drama mujudake basa padinan kang komunikatif (dudu basa tulis).


Setting utawa latar

Setting utawa latar yaiku mujudake gegambarane panggonan, wektu, lan swasana dumadine crita ing sajroning pagelaran drama.


Tema

Tema yaiku mujudake bakune gagasan jroning cerita drama sing dikembangake lumantar rerangkening crita (alur), paraga lan wewatake kang bisa njalari dumadine konflik (pasulayan) antarane paraga protagonis karo paraga antagonis.


Pesen moral (amanat)

Pesen moral atau amanat mujudaake piwulang piwulang sing kepingin diandharake dening pengarang lumantar pagelaran drama.


Pituduh teknis (pituduh laku)

Pituduh teknis (pituduh laku) yaiku mujudake pituduh ngenani panggonan, wektu, swasana utawa kahanan kang kepriye tumindak sing kudu ditindaake dening saben saben paraga.


ING NGISOR IKI TETEMBUNGAN KANG ANA ING PEMENTASAN SANDIWARA

1. Babak : saben babak ditandhani dening dhekorasi beda.
2. Adegan : saben babak diperang-perang dadi pirang-pirang adegan, lan saben adegan ora kudu ganti dekorasi.
3. Prolog : Pambuka sing miwiti babak sepisan lan menehi gambaran ngenani paraga drama lan konflik sing bakal kedadeyan.
4. Dhilaog: pacelathon antaraning paraga.
5. Monolog : pacelathon paraga marang awake dhewe utawa marang penonton.
6. Mimik : ekspresi utawa isyarat jumbuh karo peran kang dipentasake.
7. Epilog : Panutup drama kang isi simpulan lan amanat drama.


TUGAS DINA SENIN, 19-04-2021
1. Waca lan pahami materi bab Sandiwara ing dhuwur!
2. Cathet bab-bab kang wigati saka materi ing dhuwur!





Rabu, 07 April 2021

MATERI KELAS 8 BAB 4 VIDEO PACELATHON SEMESTER GENAP

 MATERI KELAS 8 BAB 4 SEMESTER GENAP 

PACELATHON


MATERI DARING DINA SENIN, 27 MARET 2023 KANGGO SISWA LAN SISWI KELAS VIIIA lan VIIIE

TUGAS KANGGO BOCAH-BOCAH DINA IKI!

1. Rungokna video pembelajaran saka link youtube ing ngisor iki!
    https://www.youtube.com/watch?v=mvm1XAHq0gw

2. Cathet bab-bab kang wigati saka materi  pembelajaran kasebut ing buku Tugas Basa Jawa!

3. Cathethan (ringkesan) materi di foto lan kirim email rindaagus01@gmail.com


STANDAR KOMPETENSI LULUSAN KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP)

  STANDAR KOMPETENSI LULUSAN  KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP) STANDAR ISI MATA PELAJARAN MUATAN LOKAL BAHASA JAWA SMP/SMPLB/MTs. TAHUN 2013 PROV...