Rabu, 21 April 2021

MATERI KELAS 7 SEM 2 AYO NULIS PACELATHON

 MATERI KELAS 7 SEM 2 

AYO NULIS PACELATHON


Materi Daring Dina Selasa, 27-04-2021

Kanggo Siswa lan siswi kelas 7A-7E

1. Coba Gatekna video ing ngisor iki!                                                                                        https://www.youtube.com/watch?v=Pyf1eNoBzzg

2. Sawise nyimak materi lan tuladha pacelathon ing link youtube kasebut coba saiki          bocah-bocah latihan gawe teks pacelathon kang prasaja (sederhana wae) antarane:      bocah kang matur karo wong tuwa/ siswa matur marang bu guru/ pak guru.

3. Tugas ditulis ing buku tugas basa Jawa lan ditanda tangani wong tuwa ing sisih            pojok tengen dhuwur!

4. Foto lan kirim tugas ing alamat email rindaagus01@gmail.com


MATERI KELAS 8 SEM 2 VIDEO PJJ SANDIWARA

 MATERI KELAS 8 SEM 2 

VIDEO PEMBELAJARAN DARING 

SANDIWARA



MATERI DARING KANGGO KELAS 8A-8E

 DINA SENIN 26-04-2021


1. Buka tautan link video pembelajaran ing ngisor iki!

    https://www.youtube.com/watch?v=fJN9uNDS3Lo

2. Catet Materi kasebut ing buku cathethan basa Jawa lan diwenehi tanda tangan wong tuwa ing          sisih pojok tengen bukumu!

3. Foto lan kirim buku cathethan ing email rindaagus01@gmail.com

Rabu, 14 April 2021

MATERI KELAS 7 SEM 2 VIDEO PACELATHON IBU LAN ANAK

 MATERI KELAS 7 SEM 2 

SELASA, 20-04-2021

VIDEO PACELATHON IBU LAN ANAK



1. Rungokna video pacelathon ing ngisor iki

https://www.youtube.com/watch?v=p5BU_3geU5M

2. Adhedhasar Video ing dhuwur, Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki ing buku tugas Basa Jawa banjur di wenehi identitas lan ditanda tangani wong tuwa ing pojok dhuwur sisih tengen!

Pitakonan:

a. Apa topik (tema) pacelathon ing video kasebut!

b. Ana pira cacahe paragane!

c. Sapa wae jenenge paragane!

d. Apa isi pacelathon ing video kasebut!

3. Foto lan kirim tugas ing email rindaagus01@gmail.com


MATERI KELAS 8 SEM 2 SANDIWARA SENIN, 19-04-2021

 MATERI KELAS 8 SEM 2 SENIN, 19-04-2021

SANDIWARA 




A. Pangertene Sandiwara
     Sandiwara yaiku salah sijining sastra kang nggambarake                 panguripan kanthi ngatonake konflik lan emosi kang                       diwujudake lumantar lakuning crita lan pacelathon                         antaraning paraga.

Sandiwara miturut wujud dramatise dadi warna loro yaiku 
1. Sandiwara tragedhi
2. komedhi

Menawa didelang saka kuantitas cacahing pacelathon kaperang dadi 1. drama mini, 
2. pantomim
3. drama tembang

Miturut onjoning unsur seni sing kakandhut drama kaperang dadi:
1. drama tablo
2. sendratari
3. opera

Adhedhasar media pementasan drama kaperang dadi:
1. drama Televisi
2. drama rdhiyo
3. drama pentas
4. drama maca

B. Unsur Intrinsik Drama Jawa

Unsur instrinsik drama yaiku unsur sing ana ing njero karya sastra drama lan mbangun utuhe pagelaran drama.

Unsur intrinsik drama Jawa ana pitu yaiku:

1.      alur (plot)

2.      peraga lan wewatake

3.      pirembugan (dialog)

4.      setting utawa latar

5.      tema

6.      pesen moral (amanat)

7.      pituduh teknis (pituduh laku)


Alur (plot)

Alur utawa plot yaiku mujudake rerangkening crita saka wiwitan nganti pungkasan kang uga mujudake rerangkening konflik antarane paraga.


Paraga lan wewatake

Paraga lan wewatake yaiku para paraga sing kedhapuk jroing drama. Saben paraga kudu bisa dhapuk adhedasar watak sing diperagaake.


Pirembugan (dialog)

Pirembugan utawa dhialog yaiku mujudake ciri khase teks drama. Dhialog sajroning teks drama mujudake basa padinan kang komunikatif (dudu basa tulis).


Setting utawa latar

Setting utawa latar yaiku mujudake gegambarane panggonan, wektu, lan swasana dumadine crita ing sajroning pagelaran drama.


Tema

Tema yaiku mujudake bakune gagasan jroning cerita drama sing dikembangake lumantar rerangkening crita (alur), paraga lan wewatake kang bisa njalari dumadine konflik (pasulayan) antarane paraga protagonis karo paraga antagonis.


Pesen moral (amanat)

Pesen moral atau amanat mujudaake piwulang piwulang sing kepingin diandharake dening pengarang lumantar pagelaran drama.


Pituduh teknis (pituduh laku)

Pituduh teknis (pituduh laku) yaiku mujudake pituduh ngenani panggonan, wektu, swasana utawa kahanan kang kepriye tumindak sing kudu ditindaake dening saben saben paraga.


ING NGISOR IKI TETEMBUNGAN KANG ANA ING PEMENTASAN SANDIWARA

1. Babak : saben babak ditandhani dening dhekorasi beda.
2. Adegan : saben babak diperang-perang dadi pirang-pirang adegan, lan saben adegan ora kudu ganti dekorasi.
3. Prolog : Pambuka sing miwiti babak sepisan lan menehi gambaran ngenani paraga drama lan konflik sing bakal kedadeyan.
4. Dhilaog: pacelathon antaraning paraga.
5. Monolog : pacelathon paraga marang awake dhewe utawa marang penonton.
6. Mimik : ekspresi utawa isyarat jumbuh karo peran kang dipentasake.
7. Epilog : Panutup drama kang isi simpulan lan amanat drama.


TUGAS DINA SENIN, 19-04-2021
1. Waca lan pahami materi bab Sandiwara ing dhuwur!
2. Cathet bab-bab kang wigati saka materi ing dhuwur!





Rabu, 07 April 2021

MATERI KELAS 8 BAB 4 VIDEO PACELATHON SEMESTER GENAP

 MATERI KELAS 8 BAB 4 SEMESTER GENAP 

PACELATHON


MATERI DARING DINA SENIN, 27 MARET 2023 KANGGO SISWA LAN SISWI KELAS VIIIA lan VIIIE

TUGAS KANGGO BOCAH-BOCAH DINA IKI!

1. Rungokna video pembelajaran saka link youtube ing ngisor iki!
    https://www.youtube.com/watch?v=mvm1XAHq0gw

2. Cathet bab-bab kang wigati saka materi  pembelajaran kasebut ing buku Tugas Basa Jawa!

3. Cathethan (ringkesan) materi di foto lan kirim email rindaagus01@gmail.com


MATERI DARING KELAS 7A,B,C,D,LAN 7E DINA SENIN, 12 APRIL 2021

 MATERI DARING KELAS 7A,B,C,D,LAN 7E

DINA SENIN, 12 APRIL 2021



Materi Dialog atau Pacelathon Basa Jawa

 

A.  P       Pacelathon iku apa?

Pacelathon yaiku guneman antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro, telu, utawa luwih kang lagi rembugan sawijining bab apa ta apa.

Ringkesan Babagan Pacelathon


a. Sapa bae sing bisa nindakake pacelathon?
    Coba tlitinen ing ing bebrayan!
      

Antarane :
- Bocah cilik karo bocah cilik.
- Bocah cilik karo sing wis dewasa.
- Bocah cilik karo wong tuwa.
- Diwasa karo diwasa.
- Wong tuwa karo diwasa.
- Wong tuwa karo wong tuwa.
- Anak karo wong tuwa, lsp.

b. Basa apa bae kang digunakake menawa lagi padha rembugan?
Basane njumbuhake  (bahasanya menyesuaikan dengan siapa berbicara, keperluannya apa, dan dimana).

Upamane :
- Bocah cilik – bocah cilik (ngoko lugu),
- diwasa – diwasa (ngoko lugu),
- diwasa – sepuh / tuwa (krama alus),
- Sepuh – sepuh (krama alus, ngoko andhap),
- wong tuwa – bocah (ngoko lugu), lsp.

c. Kepriye budi pakartine (prilakune) yen lagi rembugan?
    Budi pakertine guneman antarane:
    Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan).
    Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton.
    Suwarane, banter lirihe becik nganggo waton.
    Polatane (wajahe / pandangan) uga nganggo waton aja nganti mencereng-mencereng     upamane.
    Intonasine (lagune) uga nganggo aturan ora angger mbengok-mbengok.

d. Ringkese: budi pakartine wong guneman lan tumindak apa bae becike eling marang
    empan lan papan.
    Guneman kuwi karo sapa ?
    Perlune apa ?
    Ana ngendi papan panggonane ?
    Basa lan sikape njumbuhake (menyesuaikan).

B. 1. Tuladha pacelathon!

         Ibu      : “Kapriye, Yan, sekolah ing SMP seneng apa ora ?”

         Yani   : “Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi dwijane. Ngendikane    Bapak  Kepala Sekolah ingkang mucal dwijane gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucale, meniku  kadospundi ta, Bu ?”

Ibu     : “Karepe ngene, lho. Yen pelajaran Matematiku, ya sing mulang guru Matematiku, yen basa Jawa, ya sing mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune  beda karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata pelajaran.”

Yani    : “O, ngaten ta, Bu.?

Ibu      : “Ya.Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”

Yani    : “Wonten kelas 7 A, Bu.”

Ibu      : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Yan ?”

Yani   : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”

         Ibu      : “ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”

        Yani  : “Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara, resik-resik kelas, lajeng                          mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”

        Ibu     : “Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal karo kanca-                                 kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ?Kamangka bocahe akeh, apa ora rame?”

        Yani  : “Dipunwiwiti dening wali kelas nepangake rumiyin. Panjenengane ngendika nami                             saha       alamate. Kalajengaken sedaya siswa setunggal baka setunggal                                         dipundawuhi nepangake kanthi nyebatake nama, tanggal lair, alamat, asmane                                 tiyang sepuh, saha cita-citane, ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten rame.”

        Ibu      : “Kancamu piye Yan? Rak ya apik kabeh ta?”

        Yani  : “Boten Bu. Wonten ingkang asmane Rudi menika nakal sanget Bu, remene godhani                       tiyang estri. Kula pengen jotos mawon kok Bu.”

         Ibu    : “Wis ora entok ngono. Sapa sing nandur bakale ngundhuh, dadi yen kowe dinakali                         ora usah diwales, mengko rak Rudientuk walesan dhewe saka sing gawe urip.”

        Yani   : “Nggih Bu, matur nuwun sampin dipun paringi pitutur ingkang luhur.”

         Ibu     : “Yo wis ndang mangan kana, segane ning meja.”

         Yani    : “ Inggih Bu.”


TUGAS:

1. WACA LAN PAHAMI MATERI ING DHUWUR!

2. CATHET MATERI ING DHUWUR ING BUKU CATHETAN BASA JAWA, FOTO LAN KIRIM               EMAIL rindaagus01@gmail.com

Senin, 05 April 2021

MATERI BAB 4 KETHOPRAK KELAS IX SEM 2

 MATERI BAB 4 KELAS IX SEM 2

KETHOPRAK




TUGAS DARING DINA KEMIS, 15 APRIL 2021
KANGGO SISWA KELAS 9A LAN 9B

1. Rungokna video pembelajaran tuladhane salah sijine Kethoprak ing link youtube ngisor        iki! https://www.youtube.com/watch?v=opRila5Hl38

2. Wangsulana Pitakonan ing ngisor iki ing buku Tugas Basa Jawa!
     a. Apa irah-irahan (judhul) kethoprak kasebut!
     b. Sapa wae paragane!
     c. ana ing ngendi 
     d. kepriye plot (alur) ceritane!
     e. Apa amanat kang bisa dijupuk saka cerita kethoprak kasebut!

3. Foto lan kirim tugas dina iki ing email rindaagus01@gmail.com

Minggu, 04 April 2021

MATERI BAB 4 KELAS 8 SEM 2 MEMAHAMI ISI TEKS DIALOG (PACELATHON)

 MATERI BAB 4 KELAS 8 SEM 2 

MEMAHAMI ISI TEKS DIALOG (PACELATHON)



Pacelathon yaiku interaksi antarane wong loro utawa luwih sako loro. 

Teks pacelathon utawa omong-omongan (dialog) iku ditindhakake dening wong kang luwih saka wong siji. 

Sing digatekake manawa arep omong-omongan yaiku:

1. Kapan anggone omong-omongan

 2. Ana ing ngendi anggone omong-omongan

3. Sapa sing dijak omong-omongan. Bisa sapantaran, luwih enom lan luwih tuwa. Bab iki kudu dimangerteni amarga sapa sing diajak omong-omongan iku bakal nemtokake  basa apa sing jumbuh karo wong sing diajak omong kasebut. Umpamane omong-omongan karo kanca sapantaran kena nggunakake basa Jawa ragam ngoko, kosok baline manawa arep omong-omongan karo wong sing umure luwih tuwa lan diurmati kudu nganggo basa ragam krama alus. Dadi Wong kang nindakake pacelathon kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Dening Unggah-unguh pacelathon mau digunakake ngurmati antarane wong siji lan liyane sing diajak guneman.

Unggah-ungguh mau kaperang dadi loro yaiku basa ngoko lan krama.

Unggah ungguh basa mau uga dibagi meneh dening basa ngoko lan krama mau uga kaperang dadi loro yaiku basa lugu lan alus. Sabanjure basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus, dene basa krama kaperang dadi krama lugu lan krama alus.

Basa ngoko yaiku ana loro yaiku ngoko alus dan ngoko lugu 
digunakaakake wong tuwa marang wong enom , guru marang murid.
basa krama yaiku ana loro yaiku basa krama lugu lan krama inggil 

digunakake wong enom marang wong tuwa ,murid marang guru. 

Tuladha Pacelathon Tema lingkungan antarane Pak dhe lan Adi.

Adi           : Pakdhe, sonten-sonten kok taksih ten kebon?
Pakdhe     : Iyo Di, urung rampung iki
Adi           : Taksih nopo to pakdhe?
Pakdhe     : Resik-resik di
Adi           : Lha niku, punapa ingkang panjenengan lampahi pakdhe?
Pakdhe     : iki aku ugo arep nandur wit gedhang sing di jaluk karo budhemu kae
Adi           : oalah, nalika wingi sonten kula nggi mireng menawi budhe sambat                            kaliyan pakdhe babagan punika
Pakdhe     : ora mung kuwi tujuane, nanging iki uga ana manfaate kanggo                                   lingkungan
Adi           : leres niku pakdhe, mugi-mugi dados amalipun pakdhe
                  pakdhe     : aamiin
Adi          : nggih pun, kulo pamit wangsul rumiyin nggih Pakdhe, sampun badhe                        maghrib.
Pakdhe    : Iyo Di, ati-ati.

TUGAS DARING DINA SENIN, 21 MARET 2022 KANGGO KELAS 8A-8E

1. Waca lan pahami materi ing dhuwur!
2. Cathet bab-bab kang wigati ing buku cathethan basa Jawa!

MATERI BAB 4 KELAS 7 SEM 2 MENELAAH DIALOG (PERCAKAPAN)/ PACELATHON

 MATERI BAB 4 KELAS 7 SEM 2 

MENELAAH DIALOG (PERCAKAPAN)/ PACELATHON


Pacelathon yaiku interaksi antarane wong loro utawa luwih sako loro. 

Teks pacelathon utawa omong-omongan (dialog) iku ditindhakake dening wong kang luwih saka wong siji. 

Sing digatekake manawa arep omong-omongan yaiku:

1. Kapan anggone omong-omongan

 2. Ana ing ngendi anggone omong-omongan

3. Sapa sing dijak omong-omongan. Bisa sapantaran, luwih enom lan luwih tuwa. Bab iki kudu dimangerteni amarga sapa sing diajak omong-omongan iku bakal nemtokake  basa apa sing jumbuh karo wong sing diajak omong kasebut. Umpamane omong-omongan karo kanca sapantaran kena nggunakake basa Jawa ragam ngoko, kosok baline manawa arep omong-omongan karo wong sing umure luwih tuwa lan diurmati kudu nganggo basa ragam krama alus. Dadi Wong kang nindakake pacelathon kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Dening Unggah-unguh pacelathon mau digunakake ngurmati antarane wong siji lan liyane sing diajak guneman.

Unggah-ungguh mau kaperang dadi loro yaiku basa ngoko lan krama.

Unggah ungguh basa mau uga dibagi meneh dening basa ngoko lan krama mau uga kaperang dadi loro yaiku basa lugu lan alus. Sabanjure basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus, dene basa krama kaperang dadi krama lugu lan krama alus.

Basa ngoko yaiku ana loro yaiku ngoko alus dan ngoko lugu 
digunakaakake wong tuwa marang wong enom , guru marang murid.
basa krama yaiku ana loro yaiku basa krama lugu lan krama inggil 
digunakake wong enom marang wong tuwa ,murid marang guru

        Tuladha Teks Pacelathon nomer 1 antarane Bapak lan Dini

 

Bapak             : "Lagi apa ta Ndhuk?"

Dini                 : "Nembe sinau Pak, kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi  

                            ingkang dereng kula mengertosi".

Bapak             : "Babagan apa ta Ndhuk?"

Dini                 : "Tegesipun nakdherek menika napa Pak?"

Bapak             : "Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah."

Dini                 : "Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan dhik Rini putranipun Pak                                   Dhe Tirto menika ugi saget dipun wastani nakdherek?"

Bapak             : "Iya bener Ndhuk, lha wong Pak Dhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi                                 kowe karo Rini iku nakdulur."


Tuladha Teks Pacelathon nomer 2 antarane Anto lan Santosa


Anto                : “San, dêlokên bêrita iki! Banyu nang Sukaraja ora bisa diombé sanajan               wis     diolah”.

 

Santoso           : “Ya iku amarga polusi. Polusi lingkungan bisa dadi bêbaya marang                                             uripé manungsa”.

Anto                : “Contoné polusi apa baé San?”

Santoso           : “Polusi udara kang disêbabaké kebul knalpot kêndaraan lan pabrik. Swara                          saka mêsin-mêsin pabrik lan kêndaraan uga bisa njalari polusi swara. Ana                               uga polusi tanah lan air kang disêbabaké bahan-bahan kimia”.

Anto                : “Nanging, yèn dak kira, polusi udara lan polusi air nduwèni èfèk paling  

                          gêdhé San. Bênêr ora?”

Santoso           : “Ya bênêr kuwi, amarga udara lan banyu wigati bangêt kanggo                                        uripé manungsa lan makhluk hidup nang bumi iki. Saiki kowé bisa mbayangke                       piyé yèn udara lan banyu kêna polusi”.

Anto                : “Ya pancèn polusi udara lan air bisa njalari pênyakit kang serius uga

                           nyêbabaké kêmatian dini”.

Santoso           : “Hla yèn manut opinimu, piyé carané ngatasi polusi lingkungan?”

Anto                : “Ana pirang-pirang cara. Nanging sing awakédhewé kudu nglakoni yaiku

                            nyadari lan uga nggawé wong liya sadar babagan bêbayané pêncêmaran

                            lingkungan marang maungsa lan makhluk hidup”.

Santoso           : “Ya kowé bênêr, aku sêtuju”.


 TUGAS DARING DINA RABU-SETU, 23-26 MARET 2022 KANGGO KELAS 7A-7E

1. Wacanen materi Bab 4 ing dhuwur!

2. Catet ing buku Cathethan Basa Jawa bab-bab kang wigati saka matei ing dhuwur!

STANDAR KOMPETENSI LULUSAN KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP)

  STANDAR KOMPETENSI LULUSAN  KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP) STANDAR ISI MATA PELAJARAN MUATAN LOKAL BAHASA JAWA SMP/SMPLB/MTs. TAHUN 2013 PROV...