MATERI BAB 4 KELAS 7 SEM 2
MENELAAH DIALOG (PERCAKAPAN)/ PACELATHON
Pacelathon yaiku interaksi antarane wong loro utawa luwih sako loro.
Teks pacelathon utawa omong-omongan (dialog) iku ditindhakake dening wong kang luwih saka wong siji.
Sing digatekake manawa arep omong-omongan yaiku:
1. Kapan anggone omong-omongan
2. Ana ing ngendi anggone omong-omongan
3. Sapa sing dijak omong-omongan. Bisa sapantaran, luwih enom lan luwih tuwa. Bab iki kudu dimangerteni amarga sapa sing diajak omong-omongan iku bakal nemtokake basa apa sing jumbuh karo wong sing diajak omong kasebut. Umpamane omong-omongan karo kanca sapantaran kena nggunakake basa Jawa ragam ngoko, kosok baline manawa arep omong-omongan karo wong sing umure luwih tuwa lan diurmati kudu nganggo basa ragam krama alus. Dadi Wong kang nindakake pacelathon kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Dening Unggah-unguh pacelathon mau digunakake ngurmati antarane wong siji lan liyane sing diajak guneman.
Unggah-ungguh mau kaperang dadi loro yaiku basa ngoko lan krama.
Unggah ungguh basa mau uga dibagi meneh dening basa ngoko lan krama mau uga kaperang dadi loro yaiku basa lugu lan alus. Sabanjure basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus, dene basa krama kaperang dadi krama lugu lan krama alus.
Tuladha Teks Pacelathon nomer 1 antarane Bapak lan Dini
Bapak : "Lagi apa ta Ndhuk?"
Dini : "Nembe sinau Pak, kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi
ingkang dereng kula mengertosi".
Bapak : "Babagan apa ta Ndhuk?"
Dini : "Tegesipun nakdherek menika napa Pak?"
Bapak : "Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah."
Dini : "Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan dhik Rini putranipun Pak Dhe Tirto menika ugi saget dipun wastani nakdherek?"
Bapak : "Iya bener Ndhuk, lha wong Pak Dhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi kowe karo Rini iku nakdulur."
Tuladha Teks Pacelathon nomer 2 antarane Anto lan Santosa
Anto : “San, dêlokên bêrita iki! Banyu nang Sukaraja ora bisa diombé sanajan wis diolah”.
Santoso : “Ya iku amarga polusi. Polusi lingkungan bisa dadi bêbaya marang uripé manungsa”.
Anto : “Contoné polusi apa baé San?”
Santoso : “Polusi udara kang disêbabaké kebul knalpot kêndaraan lan pabrik. Swara saka mêsin-mêsin pabrik lan kêndaraan uga bisa njalari polusi swara. Ana uga polusi tanah lan air kang disêbabaké bahan-bahan kimia”.
Anto : “Nanging, yèn dak kira, polusi udara lan polusi air nduwèni èfèk paling
gêdhé San. Bênêr ora?”
Santoso : “Ya bênêr kuwi, amarga udara lan banyu wigati bangêt kanggo uripé manungsa lan makhluk hidup nang bumi iki. Saiki kowé bisa mbayangke piyé yèn udara lan banyu kêna polusi”.
Anto : “Ya pancèn polusi udara lan air bisa njalari pênyakit kang serius uga
nyêbabaké kêmatian dini”.
Santoso : “Hla yèn manut opinimu, piyé carané ngatasi polusi lingkungan?”
Anto : “Ana pirang-pirang cara. Nanging sing awakédhewé kudu nglakoni yaiku
nyadari lan uga nggawé wong liya sadar babagan bêbayané pêncêmaran
lingkungan marang maungsa lan makhluk hidup”.
Santoso : “Ya kowé bênêr, aku sêtuju”.
TUGAS DARING DINA RABU-SETU, 23-26 MARET 2022 KANGGO KELAS 7A-7E
1. Wacanen materi Bab 4 ing dhuwur!
2. Catet ing buku Cathethan Basa Jawa bab-bab kang wigati saka matei ing dhuwur!
LUTFI NIKMATUL KHASANAH
BalasHapusVII C / 19
SIAP MENGERJAKAN
NONITA APRILIA
BalasHapusVIID/22
SIAP MENGERJAKAN
MESSY AURELLIA FAUZI
BalasHapusVIIB/09
SIAP MENGERJAKAN
YUNA ISTI HANI
BalasHapusVIID/32
SIAP MENGERJAKAN
Siapp mencatat
BalasHapusMARGARETARENI
BalasHapusVllE/20
Siap mencatat
INDAH CAHYA MURTI
BalasHapusKELAS:7D
ABSEN:10
AKMAL FIKRI ATALLA
BalasHapusVIID/01
SIAP MENGERJAKAN
EZARINGGA DESTANANTA
BalasHapusVII C/14
SIAP MENGERJAKAN
RASHAD SURYA ATMAJA
BalasHapusVII D / 27
SIAP MENGERJAKAN