PIWULANG 2 KELAS VII SEMESTER GASAL
PUPUH PANGKUR
Materi ke-2 Bahasa Jawa Kelas 7 Semester Gasal
SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR
KI Pengetahuan
KD 3.2 Menelaah teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur
Indikator 3.2.1 Menjawab pertanyaan tentang tembang macapat
Indikator 3.2.2 Menjawab pertanyaan tentang serat Wulangreh Pupuh Pangkur
KI Keterampilan
KD 4.2 Menanggapi isi teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur
Indikator 4.2.1 Menembangkan satu pada teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur
A. Tembang Macapat
Tembang Jawa iku ana pira-pira jinis, ana sing jenenge tembang gedhe, tembang tengahan, tembang cilik/macapat, lan uga tembang dolanan. Tembang gedhe kaya ta: Kidung Kusumastuti, Pamularsih, Minta Jiwa, lsp; tembang tengahan kaya ta: Girisa, Wirangrong, Jurudemung, lsp; tembang macapat kaya ta: Pangkur, Mijil, Asmaradana, lsp; dene tembang dolanan kaya ta: Jaranan, Cublak-cublak Suweng, Suwe Ora Jamu, lsp.
Tembang Macapat iku ana 11, yaiku Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Dhandhanggula, Gambuh, Pangkur, Durma, Maskumambang, Megatruh, lan Pocung. Saben tembang macapat iku duwe paugeran kang gumathok. Paugerane kasebut arane guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Guru gatra yaiku cacahing gatra (larik) saben sapada (bait). Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. Dene guru lagu yaiku tibaning swara saben sagatra. Paugeran kasebut ora bisa diowahi. Tembang macapat lumrahe ngandhut piwulang, pitutur, utawa wewarah tumrap kabecikan lakuning panguripan. Tuladhane serat Wulangreh kang ngemot piwulang ngenani tata praja. Piwulang kasebut tumeka saiki isih bisa dicakake (masih relevan) dadi pandam pandom ndhapuk watak wantune para pangreh praja sumrambah marang sapa wae kang kepengin nduweni laku kang becik senajan serat piwulang kasebut wus tinulis atusan taun kepungkur.
B. Serat Wulangreh
Serat Wulangreh iku siji saka ewoning kasusastran Jawi kang ana. Saliyane Serat Wulangreh, uga ana Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV, Serat Kalatidha anggitane R. Ng. Ranggawarsita, lan liya-liyane.
Serat Wulangreh iku ngemu 13 pupuh tembang, yaiku; Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 30 pada, Duduk Wuluh/ Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pocung 22 pada, Mijil 25 pada, Asmaradana 26 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.
Piwulang ing Serat Wulangreh iku maneka warna. Pustaka kang ditulis dening Sunan Pakubuwana IV arupa tembang iku ing saben pupuh tembange isi piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca. Isi piwulange yaiku 1) pupuh Dhandhanggula isine bab carane milih guru; 2) Pupuh Kinanthi isine bab cara srawung utawa milih kanca; 3) Pupuh Gambuh isine larangan duwe watak adigang, adigung, adiguna; 4) Pupuh Pangkur isine bab tata krama, mbedakake ala lan becik, sarta cara ndeleng watake manungsa; 5) Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah; 6) Pupuh Dhudhuk Wuluh isine cara ngawula marang raja, 7) Pupuh Durma isine cara ngendhaleni hawa nepsu; 8) Pupuh Wirangrong isine bab ala becike perilaku; 9) Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mangerteni isining wacan; 10) Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan sukur; 11) Pupuh Asmaradana isine bab nindakake ajaran agama; 12) Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku; 13) Pupuh Girisa isine pesen sarta donga Sang Pujangga.
C. Pangripta Serat Wulangreh
Serat Wulangreh karipta dening swargi (Almarhum) Sri Susuhunan Pakubuwana IV kang jumeneng ing Keraton Surakarta Adiningrat (1788-1820). Jejuluk (gelar) jangkebe panjenengan dalem nalika jumeneng nata yaiku Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah IV.
Nalika isih timur kaparingan asma Raden Mas Subadya. Panjenengan dalem wiyos (lair) ing Surakarta tanggal 2 September 1768. Banjur jumeneng nata 29 September 1788 lan seda 2 Oktober 1820.
D. Serat Wulangreh Pupuh Pangkur
Salah sijine pupuh tembang ing Serat Wulangreh yaiku pupuh tembang Pangkur. Tembang Pangkur iku guru gatrane 7. Dene guru wilangane yaiku; 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8. Menawa guru lagune yaiku; a, i, u, a, u, a, i. Tembang Pangkur iku awatak sereng, kereng, nepsu, antepan ati, lan gagah, mula lumrah kanggo nyritakake rasa kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel, lan uga kahanan paprangan. Dene sasmitane yaiku pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, lan yudakenaka.
Tembang Pangkur ing serat Wulangreh ana 17 pada. Wewataking manungsa kang pinter bodho, luhur asor, mlarat sugih, ngulama maksiyat, kendel jirih, lanang wadon padha bae bisa katitik saka anggone laku, linggih, solah, muna lan muni. Jaman samengko bakal akeh wong kang darbe watak drengki, srei, dora, iren, meren, dahwen, panasten, open, lsp. Mula saka iku nyinau serat Wulangreh iki diajab ora nduweni sipat utawa watak kang kaya mangkono. Ngudia lelabuhan kang bisa dadi patuladhan, patut diturut.
E. Cakepan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur Pada 1 tekan Pada 10
Pada 1
Sekar Pangkur kang winarna,
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipunkadulu,
miwah ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.
Terjemahan Basa Jawa | Terjemahan Basa Indonesia |
Wewarahing/ piwulang paugeran (pedoman) kanggo wong urip iki kaemot (dimuat) mawa tembang Pangkur, alan lan becik, adat waton (norma/ aturan/ tata tertib), lan tata krama prayogane kokmangerteni, sarta kudu kokcakake (kau terapkan/ kau laksanakan) ing wayah awan lan bengi. |
|
|
|
Pada 2
Deduga lawan prayoga
myang watara reringa aywa lali
iku parabot satuhu
tan kena tininggala
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
angucap meneng myang nendra
duga-duga aja kari
Terjemahan Basa Jawa | Terjemahan Basa Indonesia |
Aja padha nglalekake tetimbangan murih bisa becik sekabehane, ewuh prekewuh uga aja dilalekake, amarga iku uga kalebu pathokan kang sejati, aja nganti ditinggal embuh iku nalika isih melek, lungguh, tangi turu, mlaku, meneng, ngomong, lan nalika turu kabeh iku aja nganti nglalekake duga klawan prayoga (tetimbangan/ petungan/ ewuh prekewuh). |
|
Pada 3
Miwah ta sabarang karya,
ing prakara gedhe kalawan cilik,
papat iku datan kentun,
kanggo sadina-dina,
rina wengi neng praja miwah ing ndhusun,
kabeh kang padha ambekan,
papat iku aja lali.
Terjemahan Basa Jawa | Terjemahan Basa Indonesia |
Mangkono iku dadi lelimbangan/ bahan pertimbangan perkara papat ing prakara gedhe lan cilik aja nganti koklalekake, kudu dilakoni saben dinane, awan lan bengi, ing kutha lan ing desa, kabeh iku kanggo manungsa kang isih ambegan/ urip. |
|
Pada 4
Kalamun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira pedhak-pedhak,
nora wurung neniwasi,
Terjemahan Basa Jawa |
|
Upama ana manungsa kang nglalekake duga lan prayoga, iku ora becik utawa ora patut ngumpul marang wong akeh kang becik nalare, aja kokcedhaki wong sing ora ngerti adat lan kang mung nggugu karepe dhewe, wong sing kaya mangkono iku bakal gawe rusuh utawa mung gawe karusakan. |
|
Pada 5
Mapan watake manungsa,
pan ketemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadi panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang sugih lan kang melarat,
tanapi manusa singgih.
Terjemahan Basa Jawa |
|
Titikane watak utawa perilakune manungsa iku bisa dimangerteni lumantar carane mlaku lan lungguh, tindak-tanduke lan carane ngomong. Senajan wong mau ora pinter utawa bodho, nduweni drajat dhuwur utawa cendhek, sugih lan miskin/ mlarat. |
|
Pada 6
Ulama miwah maksiyat,
wong kang kendel tanapi wong kang jirih,
durjana bebotoh kaum,
lanang wadon pan padha,
panitike manusa wateke wewatekipun,
apa dene wong kang nyata,
ing pangawruh kang wus pasthi.
Terjemahan Basa Jawa |
|
Ulama utawa wong nakal/ penjahat, embuh iku kang wani utawa kang jirih, tukang colong jupuk/ maling apadene bebotoh, lanang utawa wadon kabeh nduweni watak lan titikan/ ciri kang padha. |
|
Pada 7
Tinitik ing solah muna,
lawan muni ing laku lawan linggih,
iku panengeran agung,
winawas grinahita,
pramilane ing wong kuna-kuna iku,
yen amawas ing sujanma,
datan kongsi mindho gaweni.
Terjemahan Basa Jawa |
|
Iku kabeh bisa katon saka tindak-tanduke, cara ngomonge, mlaku, lan lungguhe. Iku titikan/ ciri kang gampang dimangerteni lan dirasakake. Mulane wong kuna utawa wong biyen arang banget salah manawa mbiji wong liya. |
|
Pada 8
Ginulang sadina-dina,
wiwekane mindeng basa basuki,
ujubriya pun kibiri,
sumungah tan kanggonan,
mung sumendhe ing ngarsanira Hyang Agung,
ujar sirik kang rineksa,
kautaman ulah wadi.
Terjemahan Basa Jawa |
|
Kabeh iku diupaya/ dilakoni saben dinane supayane anggone ujar becik kaprungu, laku kang ora becik disingkiri, ora nduweni tindak-tanduk kang ala, kabeh iku mung pasrah marang Gusti, tansah njaga ujar kang ora becik, kautaman sing digoleki. |
|
Pada 9
Masa mengko mapan arang,
kang katemu ing basa kang basuki,
ingkang lumrah wong puniku,
drengki srei lan dora,
iren meren dahwen pinasten kumingsun,
opene nora prasaja,
jail muthakil bakiwit.
Terjemahan Basa Jawa |
|
Ing mangsa saiki, angel banget nemokake tindak-tanduk kang utama/ apik. Umume manungsa ing jaman saiki padha drengki, srakah/ tamak, seneng ngapusi/ dora, kesed, seneng meri/ melik, seneng maido wong liya, gumedhe, ora jujur, jail, cubriya, lan curang. |
|
Pada 10
Alaning liyan den andhar,
ing becike liyan dipunsimpeni,
becike dhewe ginunggung,
kinarya pasamuan,
nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,
wong mangkono wateknya,
nora kena denpedhaki.
Terjemahan Basa Jawa |
|
Alaning wong liya dikandhakake marang wong akeh, apike wong liya malah disimpen/ diumpetake, kaapikan/ kaluwihane awake dhewe dibombong/ diagul-agulake ing ngarepe wong akeh, ora ngrumangsani yen eleke awake dhewe iku akeh matumpuk-tumpuk. Wong kang kaya mangkono ora patut dicedhaki. |
|
F. Titilaras tembang Pangkur
Pangkur
Pada 1
3 5 5 5 5 5 3 3
Se kar pang kur kang wi nar na
3 5 5 56 1 1 1 2 3 3 21
Le la bu han kang kang go wong nga u rip
5 6 i i i i 123 i
A la lan be cik pu ni ku
6 5 5 5 5 4 5
Pra yo ga ka wruh a na
3 5 5 56 1 1 1 1 1 2 3 3
A dat wa ton pu ni ku di pun ka du lu
6̣ 1 1 1 1 1 1 1
Mi wah ing kang ta ta kra ma
1 2 3 1 2 3 3 21
Den ka es thi si yang ra tri.
G. Gancaran Serat Wulangreh Pupuh Pangkur
Wong urip iku kudu bisa mbedakake lan mangerteni “ala” lan “becik”, sarta tansah ngecakna “tata karma”. Dene parabot kang ora kena ditinggal yaiku “deduga, prayoga, watara, lan reringa”. Wong tangi, lungguh, ngadeg, mlaku, guneman, meneng, turu, sarta sabarang karya prakara gedhe cilik, kanggo sadina-dina, rina wengi, ing kutha, ing desa, kabeh titah kang padha ambegan, aja nganti ninggal patang bab kasebut.
Wewataking manungsa sing pinter, sing bodho, luhur, asor, mlarat, sugih, ngulama, maksiyat, kendel, jirih, durjana, botoh, kaum, apa dene wong kang mangerteni sesurupan sing mligi, kuwi lananga wadona padha wae, bisa katitik saka ing: “laku, lungguh, solah, muna, lan munine.”
Ing jaman saiki akeh wong sing duwe watak: drengki, srei, dora, iren, meren, dahwen, panasten, open, kumingsun, ora jujur, jail, methakil, besiwit; alaning liyan dibeberake, beciking liyan ditutup-tutupi, nanging nggunggung becike dhewe, dikaton-katonake, dibyawarakake, ora rumangsa yen alane dhewe ngendhukur. Wong sing kaya mangkono kuwi “durjana murka”, ora duwe pemarem, ngumbar luwamah lan amarah, ing sabarang tindak sungkan kasoran, emoh kungkulan,pangrasane ora ana wong sing madhani, wong sing kaya mangkono ora usah dicedhaki.
Mula saka iku aja nganti katempelan watak kaya mangkono, tansah padhaa ngudi lelabuhan kang pantes diconto, patut ditiru.
Aja nganti kacandhakan watak nem prakara iki:
1. Lunyu ateges ora antepan
2. Lemer ateges mara penginan
3. Genjah ateges ora jujur lan ora bisa dipercaya
4. Angrong prasanakan ateges ngrusak pager ayune wong liya utawa ganggu gawe bojone liyan
5. Nyumur gumuling ateges ora bisa nyimpen wadi utawa mbeberake wadining liyan
6. Mbuntut arit ateges katon becik saka ngarep, jebul letheg ing burine
TUGAS DINTEN SELASA, 07-09-2021
KANGGO SISWA LAN SISWI KELAS VIIA,B,C,D LAN VII E
1. Wacanen lan Pahami materi Piwulang 2 Bab Serat Wulangreh Pupuh Pangkur ing blog.
2. Tulis materi kasebut ing buku cathethan Basa Jawa!
3. Foto lan upload ringkesan materi ing email rindaagus01@gmail.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar