TUGAS DARING KELAS IX SEM 1
NASKAH SANDHIWARA
Assalamu'alaikum Wr, Wb.
Sugeng enjang lare-lare mugi tansah kaparingan kasarasan, karaharjan lan kawilujengan
Sugeng pitepungan dinten menika wonten ing materi Sandhiwara Radhio. Dina iki Bocah-bocah iseh nerusake materi Bab Sandhiwara Radhio. Ing ngisor iki ana tuladha naskah sandhiwara radhio.
Wacanen Sandiwara ing ngisor iki!
TEJA KORAN
Reza : “Daktrima banget lho, An ...! Maturnuwun banget.
Yen ora ana kowe nalika samana, mbokmanawa aku wis embuh
dadine.”
Andi : “Iya, Za. Padha-padha. Yen nalika samana kowe ora
menehi dhuwit luwih saka regane koran, bokmanawa bae aku
ora bisa nyarterake mobil kanggo ngeterake kowe menyang
rumah sakit iki ...”
Para paraga:
Andi : kanoman tukang koran
Reza : kanoman sing gumedhe
Bu Siti : ibune Andi
Bu Nikita : ibune Reza
Babak 1
Katon ngejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Kabeh
katon resik lan rapi. Andi lumaku ing dalan kono. Adol koran.
Dheweke terus lumaku lan mandheg sadhela ing ngarep omahe
Reza.
Andi : “Koran, koran, koran ...!”
Reza : “He ...! Koran ...! (mlayu metu saka omahe). “Tuku
korane, siji pira?”
Andi : ”Murah, Mas. Saeksemplar mung limangatus
rupiyah.“
Reza : “Oh, ngono. Iki dhuwite ...!” (ngulungake dhuwit
atusan ewon salembar)
Andi : “Wadhuh, dhuwite gedhe temen...! Ora ana susuke,
Mas!”
Reza : “Ra papa! Peken bae susuke! Isih akeh tunggale
neng jero sing kaya ngono.” (karo nuding dhuwit mau)
Andi : “Maturnuwun lho, Mas! Iki korane” (ngekekake
koran marang Reza)
Reza : “Ya, wis ...! Gek ngalih kana! Aja suwe-suwe neng
kene! Mambu.” (mithet irung)
Andi : “O ...! Ya, Mas. Aku ya njur arep lunga kok!
Maturnuwun tenan lho, Mas.” (ninggalake papan kono)
Reza : “Iya, iya. Gek ndang ngaliha kana!” (mlebu
ngomah)
Babak 2
Katon lingkungan kang reged lan mambu. Uwuh pating bececer
aneng ngendi-endi. Ya ing lingkungan kang kaya mangkono iku
Andi karo ibune manggon. Nalika iku Andi mulih dipapagake
ibune, Bu Siti.
Andi : “Buk ..., buk …, buk …, aku mulih.”
Bu Siti : (Cepet-cepet metu saka omah) “Kowe wis bali, Le?”
Andi : (Mlebu omah bareng Bu Siti) “Enggih, Bu. Dinten
punika kula angsal arta kathah.”
Bu Siti : “Wah, sip tenan yen ngono. Endi dhuwite, Le?”
Andi : (Karo njupuk dhuwit saka sake) “Punika, Bu.”
Bu Siti : “Hah ...! Akeh tenan iki, Le!” (Gumun semu kaget)
Andi : “Bu, wau wonten anaknipun tiyang sugih tumbas
koran, artanipun atusan ewon, kula boten gadhah susuk, e ...
susukipun kaparingaken.”
Bu Siti : “Wah apik tenan wong kuwi! Wis ngomong
maturnuwun kowe mau?”
Andi : ”Sampun, Bu. Piyambakipun pancen sae. Ananging
sombongipun boten ngiyati. Bibar ngelungaken arta, kula lajeng
dipunken kesah.”
Bu Siti : “Oh ..., ngono ya! Tibake wong sugih ing ngendi-
endi padha bae. Ya priye maneh, Le? Wong cilik kaya awake
dhewe iki pancen kudu sabar, luwih-luwih yen ngadhepi wong
gedhe.” (Ambegan landhung sinambi ngelus dhadha)
Andi : “Sampun, Bu! Boten sisah dipunlajengaken.
Ngrembag sanesipun kemawon, mangke mindhak nambah-
nambahi dosa.”
Bu Siti : “Bener, Le. Yen pancen karepe wong mau
mangkono ya wis. Dadi, dheweke sing ngelungake dhuwit satus
ewu iki? (Nyekel dhuwit atusan ewon salembar). Ya wis, gek
ndang adus kana! Saawan pepanas. Biyuh ..., biyuh ...,
kringetmu ambune” (mithet irung)
Andi : “Inggih, Bu. Nyuwun pangapunten” (Ngadeg banjur
mamburi)
Babak 3
Swasana perumahan dina kuwi ora beda karo dina-dina
sadurunge. Sepi. Sanadyan mangkono kala-kala ana sepedha
motor apadene mobil liwat. Ana sing metu saka kompleks, ana
uga kang mlebu. Kendharaan-kendharaan iku ora liya
kendharaane wong perumahan. Andi ngiderake korane ngepasi
aneng ngarep omahe Reza.
Andi : “Koran ..., koran ..., koran ...! Koran, Pak...! Koran,
Bu ...!” (Dumadakan keprungu swara ciiiit ...! Ana mobil
nyerempet Andi. Wong wadon metu saka mobil kuwi lan cepet-
cepet ndeleng kaanane Andi)
Bu Nikita : “Priye, Le ...? Wadhuh ..., iki mau kepriye ta,
ya?” (Ndhredheg campur keweden)
Andi : “Boten punapa-punapa kok, Bu.” (Karo ngiling-ilingi
sikute kang mlecet)
Bu Nikita : “Digawa menyang rumah sakit bae ya, Le?”
Andi : “Boten usah, Bu. Namung mlecet sakedhik kok!
(kandhane karo nyekeli sikute sing lara).
Bu Nikita : “Lha kuwi, sikilmu biru-biru ngono! Ya, wis. Ayo
mlebu omah bae ...!” (Andi banjur dituntun Bu Nikita mlebu ing
omah kang magrong-magrong iku)
Bu Nikita : (Bareng wis tekan jero omah) “Sik ..., sik ...!
Lungguh dhisik kono! Dakjupukake obat merah lan sikilmu aja
dienggo obah-obah dhisik!” (njupuk obat). “Coba, kene
dakwenehane obat merah sikutmu lan kene dakdelenge
sikilmu!” (Bu Nikita nambani sikute Andi banjur ngiling-ilingi
sikile Andi). “Wa ..., kesleyo kowe, Le! Coba, dakjupukake obat
kesleyo.” (mlebu ngomah maneh. Bareng wis metu lan nggawa
obat, banjur ngandika maneh). “Kene, dakblonyohane sikilmu,
Le ...!”
Andi : (mapanake sikile) “Adhuh …, adhuh ...! sampun, Bu!
Sampun ...! (Andi ngempet lara. Ora watara suwe Reza teka)
Reza : “Loh ..., Bu! Kok bocah bakulan koran iki bisa tekan
kene?” (nuding menyang Andi)
Bu Nikita : “Hus ...! Yen ngomong sing sareh, Le! Anane
dheweke tekan kene amarga kersane Ibu. Mau pas mobile Ibu
menggok arep mlebu gerbang nyrempet dheweke. Andi kesleyo
sikile amarga kesrempet lan kaget banjur tiba.”
Reza : “Nanging, iki rak bocah mlarat ta, Bu! Ora level
karo awake dhewe!”
Bu Nikita : “Heh ...! Ibu ora tau ngajari kaya ngono kuwi,
lho!” (ngelus dhadha)
Andi : “Sampun, Bu! Sampun! Kula ingkang lepat kok!
Samangke kula nyuwun pamit.” (ngadeg rada sempoyongan
banjur niyat mulih)
Bu Nikita : “Loh, Le ...! Sikilmu lara, lho! Apa bisa mulih
dhewe?” (menggak Andi)
Reza : “Bu ...! Wis ben dheweke mulih. Rak malah luwih
becik mangkono, ta?”
Bu Nikita : “Astagfirullah ..., Reza! Rak mesakake bocah
kuwi.” (nututi lakune Andi)
Reza : “Jarna bae ta, Bu! Wong bocah bisa mlaku dhewe
ngono kok! Yen kesuwen ana kene, mengko malah ngadi-adi
njur njaluk Ibu dhuwit.” (Bu Nikita nututi Andi lan ora ngrewes
omongane anake)
Babak 4
Andi ninggalake omahe Bu Nikita. Dheweke gegancangan
anggone mlaku. Sikile diseret. Sajroning ati ngalembana
marang tanggung-jawabe Bu Nikita. Ananging, yen kelingan
tumindake Reza, dheweke kaya ora precaya yen iku putrane Bu
Nikita.
Andi : “Bu Andi bali, Bu.”
Bu Siti : (Ngengakake lawang lan kaget ndeleng kaanane
Andi) “Le, sikilmu kok biru-biru kaya ngono kuwi, kenangapa?
Njur sikutmu kok diperban kuwi kenangapa?”
Andi : “Nyuwun pangapunten, Bu. Kalawau kula
keserempet mobil.”
Bu Siti : “Kok nganti kesrempet mobil kuwi lah kowe
ngapa?” (mbingungi karo nuntun Andi lungguh kursi)
Andi : (Bareng wis lungguh) “Kula mlampah wonten
sapinggiring margi. Nalika samanten ngleresi wonten mobil
badhe mlebet gerbang, menggok, kula kaget, kesrempet, lajeng
dhawah.”
Bu Siti : “O allah,Le ..., Le ...! Njur sing merban sikutmu mau
sapa? Lha terus sapa sing nyrempet?”
Andi : ”Ibunipun lare sugih ingkang kula criyosaken
kapengker, Bu.”
Bu Siti : “O allah, cah sugih sing menehi dhuwit wingi kae,
ta? Sing ngakon kowe gage-gage lunga saka omahe kae?”
Andi : “Inggih. Leres, Bu. Ananging ibunipun sae lho, Bu.
Kalawau suku kula ngantos dipunblonyohi punapa.”
Bu Siti : “Ya syukur yen ibune becik.”
Andi : “Inggih, Bu. Ananging sareng anakipun sumerep
kula wonten ngriku, kula lajeng dipunpurih wangsul.”
Bu Siti : “Ya, wis. Ditrimak-trimakake, Le. Ayo, saiki dienggo
turon bae ana kamar!” (nuntun anake mlebu kamar)
Babak 5
Reza duwe sepedha motor anyar. Dheweke mubeng-mubeng
kampung semu pamer. Kawuningana yen ing dalan iku akeh
kang arane polisi tidur. Amarga kurang pangati-atine, Reza tiba
kejungkel saka pit montore.
Reza : “Adhuh ...! Adhuh ...! Awakku kok lara kabeh
iki!” (Ing sacedhake kono ana Andi)
Andi : (nyedhaki asaling swara “Ana apa kae? Kok kaya ana
wong sambat kelaran!”
Reza : “Adhuh ...! Kena apa aku, ya ...?”
Andi : (Bareng wis cedhak) “Loh ..., Reza!” (Cepet-cepet
Andi nulungi Reza)
Reza : “Tulungana aku ...!” (sambat) “Kowe sapa embuh
aku ora ngreti. Pandelengku ora cetha. Aku gawanen menyang
rumah sakit. Mengko kowe dakopahi, sajalukmu pira
dakturuti ...!” (semaput)
Andi : “Weladalah ...! Astaghfirullah hal ladzim. Pancen
ciri wanci lilahe ginawa mati. Dhuh, Gusti Allah kula nyuwun
pangayoman saha pitulungan ....” (ndonga banjur mbopong
kang semaput)
Babak 6
Sidane Reza digawa menyang rumah sakit. Sirahe diperban,
sikile digibs. Dhokter manti-manti marang Reza supaya ora
kakehan obah. Lemah-lemah ana bangsal ditunggoni dening
ibune.
Bu Nikita : “Walah ..., Le ..., Le ...! Suk maneh kuwi yen
numpak sepedha motor sing ngati-ati. Ana wit jegreg kok
ditubruk, begja dene ana Si Andi sing nggawa kowe menyang
rumah sakit.” (nyemoni)
Reza : “Apa, Bu? Aku tiba banjur Andi sing nggawa aku
mrene?”
Bu Nikita : “Iya, Le. Bener mangkono kok!”
Reza : “Endi, Bu saiki Si Andi? Aku pengin ngomong
marang dheweke” (Bu Nikita nyeluk Andi kang lungguh a
jaba. Ora let suwe Andi mlebu kamar rumah sakit iku)
Andi : “Apa, Za?” (lungguh ing sacedhake Reza)
Reza : “An ..., sasuwene iki aku wis gawe pinggeting
atimu. Aku tansah ngasorake sliramu. Aku njaluk pangapuramu
sing saakeh-akehe.” (ngulungake tangane tengen ngajsalaman)
Andi : “Walah ..., Za ..., Za ...! Sanadyan kowe ora njaluk
ngapura, wis dakapura wingi-wingi kok ...!” (nampa tangane Reza)
Reza : “Adhuh ...! Kena apa aku, ya ...?”
Andi : (Bareng wis cedhak) “Loh ..., Reza!” (Cepet-cepet
Andi nulungi Reza)
Reza : “Tulungana aku ...!” (sambat) “Kowe sapa embuh
aku ora ngreti. Pandelengku ora cetha. Aku gawanen menyang
rumah sakit. Mengko kowe dakopahi, sajalukmu pira
dakturuti ...!” (semaput)
Andi : “Weladalah ...! Astaghfirullah hal ladzim. Pancen
ciri wanci lilahe ginawa mati. Dhuh, Gusti Allah kula nyuwun
pangayoman saha pitulungan ....” (ndonga banjur mbopong
kang semaput)
TAMAT
Naskah: Adisti Primaulinda kabesut saprelune
Tugas Daring Dina Kemis, 02-09-2021
Kanggo Siswa lan Siswi Kelas IXA Lan IXB
1. Wacanen naskah sandhiwara radhio kanthi irah-irahan Teja Koran.
2. Sakwise maca naskah sandhiwara ing dhuwur, garapa gladhen ing ngisor iki!
a. Apa irah-irahan naskah sandhiwara ing dhuwur!
b. Ana pira cacahe paraga kang ana ing naskah sandhiwara kasebut!
c. Sapa bae jenenge paraga kang ana ing naskah sandhiwara kasebut!
d. Apa isine Naskah Teks Sandhiwara ing dhuwur!
e. Tulisen amanat saka sandhiwara ing dhuwur!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar