Senin, 04 Januari 2021

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX GEGURITAN

Materi Daring Kelas IXA lan IXB dinten Kemis, 10-11-2021 

Wacanen materi ing ngisor iki banjur tulisen ing buku cathethan Basa Jawa!

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX A LAN IXB


KOMPETENSI INTI

PENGETAHUAN

3. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural)berdasarkan rasa ingin        tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian                tampak mata.

KOMPETENSI DASAR

3.5 Memahami isi teks geguritan

3.6 Menelaah teks piwulang serat Wulangreh pupuh Durma

3.7 Menelaah Teks Pidato

3.8 Memahami sandiwara tradisional Jawa



PIWULANG 1 

GANDRUNG GEGURITAN




Geguritan iku salah sijining puisi kang misuwur ing tlatah Jawa lan Bali. Geguritan asale saka tembang, mula maceme uga werna-werna. ing tlatah basa Jawa, geguritan dipadhakake karo "puisi bebas", yaiku puisi kang ora dibatesi aturan "metrum", wilangan, sarta lagu. geguritan dadi salah sijining ciri sastra Jawa Modern kang akeh diajarke ing sekolah lan kerep dilombake.

Maca geguritan iku satemene duwe tujuan supaya wong liya bisa ngrungokake kanthi  ati sing tenang.  Kanthi mangkono wong kang ngrungokake bisa ngrasakake lan ngreti isine  geguritan kasebut. Mula, sapa wae sing arep maca geguritan becike bisa ngrasakake lan  ngreti isine geguritan luwih dhisik.

Manawa maca geguritan tanpa ngerti isine,  anggone  maca bakal ora penak dirungokake, ora penak dirasakake, lan ora cetha sing dikarepake. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe.dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya, awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora wajar

Maca geguritan kudu dibarengi kanthi rasa pangrasa utawa penjiwaan. Urut-urutane yaiku

1. Diwaca ing batin dhisik.
2. Dimangerteni tetembungane lan digoleki tegese tembung-tembung kang angel
3. Dimangerteni lan dipahami isining geguritan
4. Diwenehi tandha endi kang kudu diwaca cendhak, dawa, utawa kang kudu diwaca seru lan      alon, dhuwur utawa cendhek
5. Sawise paham lan gamblang lagi diwaca kanthi “ekspresi” kang cocog

Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang - kurange ana 4, yaiku Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga.

Penjelasane yaiku :

1. Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan      lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.

2. Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi        kudu dilarasake karo isine sesorah.

3. Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah,              nesu,  seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).

4. Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes        ora kaku ora ketok digawe - gawe.


Coba gatekna cara maca geguritan kang trep karo wicara, wirama, wirasa, lan wiraga.

https://www.youtube.com/watch?v=MrHs-L9mqNQ


1. Wacanen lan pahami geguritan ing ngisor iki!

Suling

Suling thethulitan
Awirama kuna
Alelagon kuna
Nganyut anyut ngelangut
Endah
Ngresepake
Nanging aku gela,aku cuwa
Wis waleh
Nikmatu wirama kuna
Aku busa nyipta
Lelagon lan wirama anyar
Manut siliring angin
Mekroking kembang
Ombaking segara
Nggawa gingsiran
Angrenggani patamanan
Ngekis pesisir,ngremuk ing karang
Ayo padha lelagon anyar
Wirama anyar
Manut siliring angin anyar

2. Coba goleki Tegese tembung-tembung ing ngisor iki kanthi njodhoke wangsulan ing sisih tengen!

No

Tembung

Tegese tembung

Wangsulan

1.

Thethulitan

a. Pinggiring segara

1 = e. Unine pating thulit

2.

Awirama

b. Panggonan taman

2 = ....................

3.

Nganyut-anyut

c. Pinggiran

3 = ............................

4.

Ngelangut

d. Adoh banget

4 = ...........................

5.

Ngresepake

e. Unine pating thulit

5 = ...........................

6.

Gela

f. Kothong, suwung

6 = ...........................

7.

Cuwa

g. Duwe irama

7 = ...........................

8.

Waleh

h. Memantesi,ngengendah

8 = ...........................

9.

Nyipta

i.  Lumebu ing sanubari

9 = n. Gawe,      ngripta

10.

Gingsiran

j. Ngilangake

10 = ..........................

11.

Angrenggani

k. Getun, keduwung

11 = ..........................

12.

Patamanan

l. Kuciwa

12 = ..........................

13.

Ngikis

m. Jeleh, bosen

13 = ..........................

14.

Pesisir

n. Gawe, ngripta

14 = ..........................

15.

Wirama

o. Irama

15 = ..........................

 

 

p. Sepi

 

 

 

q. nelangsa

 


3. Tugas ditulis ing buku Tugas Basa Jawa kirim email rindaagus01@gmail.com







Minggu, 03 Januari 2021

MATERI KELAS VII SEMESTER GENAP

TUGAS DARING KELAS 7A,B,C,D LAN 7E DINA SELASA, 5-1-2021

WACANEN MATERI ING NGISOR IKI!


 MATERI KELAS VII SEMESTER GENAP



Kompetensi Dasar Semester Genap

3.5 Memahami Isi Teks Deskriptif Tentang Peristiwa Budaya

3.6 Menelaah Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom

3.7 Menelaah Cerita Ramayana (Kidang Kencana)

3.8 Menelaah dialog/percakapan


PIWULANG 1

BUDAYA


Jenis Gamelan lan Manfaatipun

Wong jawa sugih kabudayan. Ing antarane budaya wayang kulit. Pagelaran wayang kulit kairing Gamelan. Emane saiki wong jawa rada kurang greged nyinau gamelan.

Ing tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan sakabeh piranti gamelan digunakake kanggo nyawisake gendhing-gendhing. Gunane kanggo iringan musik utawa genting ing sawijining pementasan, umpamane wayang becik, wayag lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane. Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa pementasan.

Gamelan jawa kanggo ngiringi penyajian gending ing jero pementasan karawitan, bisa dipupyran dumadi pirang-pirang repetoar yaiku : soran utawa gending-gending ingkang volume tabuhan sing atos. Kekabeh perangkat gamelan ditabuh kajaba suling, gender, gambang, siter lan rebab. Swaraning gamelan jenis iki dicawisake karo tempo tanggung, seseg lan antal. Jenis lirihan, padha karo jenenge, penyajian gending iki luwih lembut utawa alon-alon. Kekabeh instrumen ditabuh, nanging sing luwih diutamakake yaiku gender, gambang, rebab, siter lan suling. Ana dene karawitan lirihan bisa dipupuran meneh saka rizikan sing dikanggoake, antarane yaikut gadon, nyamleng, siteran, genderan, lan liya-liyane.

Ana uga gamelan sing kang digunakake dumadi piranti upacara adat yaiku gamelan ageng. Ana jenise maneh yaiku gamelan sekati lan gamelan nunggang. Gamelan segati sing nduweni Kanjeng Kyayi Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari. Biyasane ditabuh ing jero perayaan uatawa acara sekaten yaiku dianakake pas tanggal 5 Mulud nganti 12 Mulud kanggi ngelingi weton lan wafatipun Nabi Muhammad SAW. Naning gamelan jenis iki uga kanggo acara nyambut dhayoh agung, supitan lan teteasan putra utawa putri Sultan lan sakarsa dalem. Instrumen utawa piranti kan ana ing jero gamelan sekati yaiku 2 gong ageng, 1 bedug, 1 kempyang, 1 saron demung, 2 sarong ricik, 2 sarong peking, 1 sampur lan 1 bonang. Gamelan nunggang yaiku gamelan sing nduweni telu nada. Gamelan iki nduweni awak saka 4 racakan isine teli bonang gedhe, 1 kenong japan, 2 bende, 1 pasang lojeh, 1 kendang gending, 1 kendang penuntung lan loro gong. Pada karo gamelan segati, gamelan nunggang kanggo nyambut adegan Sultan, ngiring dhayoh agung, supitan, tetesan, manti, rempog macan, grebegan lan liya-liya sekarsa dalem.

Gamelan sing biyasane digunakake ing tanah Jawa nduweni akeh jenis lan cara nabuh yaiku ana sing volume keras lan ana sing lembut. Jenis-jenising gamelan ana akeh, saka piranti apa bae sing kang ditabuh lan piranti sing diutamakake ditabuh. Ana gamelan kanggo pementasan lan kanggo upacara adat, merga kuwi kula lan panjenengan kudu ngerti jenis, jeneng piranti gamelan lan manfaatipun gamelan kanggo ngelestariake budaya jawa.


TUGAS DARING DINA SELASA, 12-01-2021 KANGGO KELAS 7A,B,C,D, Lan 7E

1. Golekana Tegese tembung-tembung kang angel saka wacan (Jenis Gamelan lan Manfaatipun) banjur tulisen ing buku tugas basa Jawa!

No

Tembung ing wacan

Tegese/Tembung Padinan

Bahasa Indonesia

1

gamelan

......................................................

................................................

2

ageng

......................................................

......................................................

3

gendhing-gendhing

......................................................

......................................................

4

karawitan

......................................................

......................................................

5

perangkat

......................................................

......................................................

6

dumadi

......................................................

......................................................

7

piranti

......................................................

......................................................

8

Instrumen

......................................................

......................................................

9

dhayoh

......................................................

......................................................

10

volume

......................................................

......................................................











Sabtu, 02 Januari 2021

MATERI KELAS 8 (DELAPAN) SEMESTER 2 (GENAP) BAHASA JAWA

TUGAS DARING KELAS 8A,B,C,D LAN 8E DINA SENIN, 04-01-2021
1. WACANEN PEMETAAN MATERI ING NGISOR IKI!
2. PAHAMI KANTHI TENANAN CERITA WAYANG PEKSI JATHAYU ING NGISOR IKI!

MATERI KELAS 8 SEMESTER 2 (GENAP)



PEMETAAN MATERI KELAS 8 SEMESTER GENAP

KOMPETENSI INTI

A. Spiritual

1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya

     1.1    Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa Bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu yang       mendukung bahasa Indonesia sebagai bahasa persatuan dan kesatuan bangsa

     1.2  Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa Bahasa Jawa dengan memanfaatkannya sebagai sarana komunikasi/bahasa pergaulan etnik


2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong      royong),  santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya

   2.1 Memiliki perilaku jujur dan peduli dalam menyampai-kan informasi dan tanggap-an terhadap   berbagai hal/ keperluan dengan menggu-nakan bahasa Jawa sesuai santun berbahasa Jawa

  2.2 Memiliki perilaku percaya diri, bangga dan tanggung jawab dalam berinteraksi sosial dengan menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan santun berbahasa Jawa

B. Pengetahuan

Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu     pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian tampak mata

Kompetensi Dasar:

3.1 Memahami cerita wayang Ramayana

3.2  Menelaah teksPiwulang SeratWulangreh pupuh Kinanthi

3.3 Memahami isi teks cerita Legenda

3.4 Memahami teks dialog

3. 5 Mengalihaksarakan kalimat (ukara) kehuruf Jawa dan huruf Latin,dan sebaliknya

C. Keterampilan

Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai  dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yangsama dalam sudut pandang/teori

4.1   Menangkap isi cerita wayang Ramayana dan menyampaikan tanggapan tentang isi cerita

4.2   Menulis syair tembang macapat. 

4.3   Menulis isi teks cerita Legenda

4.4   Menelaah dan mengungkapan isi dialog 

4.5   Membaca dan menulis menggunakan huruf Jawa

PIWULANG 1

CERITA WAYANG RAMAYANA

RESI JATAYU




Resi Jatayu / Peksi Jatayu

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.

Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama.

Nalika ngenteni tekane Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Wong wadon tuwa iku ngerti menawa Sinta trenyuh, banjur mlaku nyedhaki Sinta. Nanging nalika wong wadon ora bisa mlebu bunderan kuwi. 

Oh, Putri, aku weruh ana kembang mlathi disumpingake ing rambutmu. Apa aku oleh ngepek kembang mlathi sing endah iku?" panjaluke wong wadon tuwa iku. 

Sinta banjur menehake mlati sing ana rambute. Sinta ngathungake tangane menyang sanjabane bunderan. Wong wadon tuwa iku ora mung njupuk kembang mlathi nanging uga nggeret tangane Sinta metu saka bunderan. Sinta njerit. Jebul wong wadon tuwa iku Prabu Rahwana. Rahwana banjur ngguyu cekakakan. Dewi Sinta digawa dening Rahwana menyang Alengka. Ing sadalan-dalan Sinta bangga supaya bisa diuculake. 

Dumadakan Rahwana diserang manuk garudha.. Serangane iku gawe Sinta meh niba. Kanthi trengginas manuk iku nyathok awake Sinta. 

"Putri, nami kula Jathayu. Kula mireng panjerit paduka saking katebihan," ature manuk iku. 

Oh, Jathayu banget gedhe panuwunku," kandhane Sinta. 

Jathayu nandhang tatu. Sadurunge mati ninggal weling marang Sinta. 

Putri, paduka pundhut salembar wulu ing badan kula. Benjing badhe migunani kagem paduka! Mangga, Putri! Jathayu ngrintih. 

Sinta banjur nuruti ature Jathayu. Sinta banjur njabut saeler wulu saka awake Jathayu. Nanging ora suwe sawise Sinta njebol wulu mau, Rahwana nyamber awake Sinta, Sinta digendhong meneh lan digawa lunga menyang Alengka.

Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangani Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah. 

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati.

Pitutur kang bisa kajupuk saka Resi Jatayu yaiku awake dhewe kudu tansah gelem aweh pitulungan marang sapa bae kang mbutuhake.


TUGAS DARING DINA SENIN, 10-01-2021

1. Golekana Tegese Tembung-tembung ing ngisor iki banjur tulisen ing buku tugas basa Jawa!

No

Tembung ing wacan

Tegese/Tembung Padinan

Bahasa Indonesia

1

Paraga

......................................................

................................................

2

resi

......................................................

......................................................

3

wayahe

......................................................

......................................................

4

trenyuh

......................................................

......................................................

5

dumadakan

......................................................

......................................................

6

trengginas

......................................................

......................................................

7

sengkleh

......................................................

......................................................

8

uwal

......................................................

......................................................

9

age-age

......................................................

......................................................

10

pitutur

......................................................

......................................................


STANDAR KOMPETENSI LULUSAN KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP)

  STANDAR KOMPETENSI LULUSAN  KELAS IX SEMESTER 2 (GENAP) STANDAR ISI MATA PELAJARAN MUATAN LOKAL BAHASA JAWA SMP/SMPLB/MTs. TAHUN 2013 PROV...